Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/83

Kaca iki wis divalidasi
NGISUP
Elissa


Wis wiwit mbiyen mula, saben tangggal 17 Agustus, ana perusahaan panggonane Martedja nyambut gawe mesthi dianakake tour, minangka refreshing kanggo nyegerake pikirane para karyawan ngiras kanggo ngraketake hubungan antaraning atasan lan bawahan. Martedja mono sejatine mung minangka buruh pabrik biasa, ning karana pengalaman kerjane wis luwih suwe tinimbang kanca-kancane, mula dhek ana pemilihan pengurus SPSI (Serikat Pekerja Seluruh Indonesia) dhek anu kae, dheweke iya kapilih minangka pengurus. Adoh sadurunge rencana tour mau dirapatake, Martedja sing minangka pengurus SPSI mesthi wae wis golek-golek informasi menyang karyawan dalah staf perusahaan, kira-kira tour dianakake menyang ngendi, pirang dina lan sateruse. Malah dheweke uga kober takon-takon lan ngetung-etunbg prabeya yen tour mau dianakake ana candhi Borobudur, Taman Safari, Taman Mini, Tangkuban Perahu, utawa menyang Dufan wae.

Temenan …! Nalika rapat sing kapisan dianakake, Martedja klebu anggota rapat sing vokal, ngotot supaya tour dianakake ana panggonan wisata sing rada adoh, jarena supaya luwih berkesan, saora-orane menyang njaban propinsi utawa ing panggonan rekreasi sing kawentar. Nganti rapat wis rampung, isih durung entuk keputusan sing gumathok arep menyang endi tour mau dianakake, embuh menyang Borobudur, Taman Safari, Taman Mini, Kebon Binatang, utawa menyang Ancol, sebab bab mau isih dicundhukake klawan prabeya sing sumadya utawa kekuwataning perusahaan sing nyedhiyakake dana.

Nanging tumrap Martedja bab kuwi wis mujudake titik terang kanggone dheweke kanggo neruskake apa sing wis dirancangake. Niyate mono ora mung saperlu “sambil menyelam minum air” wae, ning uga gogoh iwake barang. Minangka anggota pengurus SPSI kudu dimanfaatake, ora mung diperes stenagane terus. Mula dheweke banjur age-age ngubungi tukang sablon, tukang gawe topi, lan tukang jahit jaket. Sawise dietung-etung, regane kaos mawa gulon sa-nyablone pisan Rp23.000,00. Topi sa-nyablone pisan Rp4.000,00. Lha nek jaket Rp35.000,00 wis sa-nyablone uga. Wah

70

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010