Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/85

Kaca iki wis divalidasi

wae, ning tukang jahit lan tukang sablon panggonane Martedja pesen, malah kabare nganti ngerigake kanca-kanca tunggal profesine supaya ngrampungake ayahan mau sadurunge tanggal sepuluh Agustus kaya sing ditetepake dening Martedja. Supaya panggaotan mau lancer, mesthi wae pembayarane wis dilunasi dening Martedja sing saiki mung kari leha-leha ngenteni asile.

Saking sibuke Martedja, wis ping pindho ora melu rapat bab tour iki. Mung sing dimangerteni wis diputusake yen tour iki bakal dianakake ana candi Borobudur sing dununge ana Jawa Tengah, pendhaftara ana wong rongatus seketan klebu staf, malah ing anggaran uga dipesen bus nem cacahe sing nganggo AC. Pokoke upama klakon bakal gayeng temenan. Mung wae sing isih adu tarik ulur ing babagan prabeya sing isih durung bisa diputusake dening pimpinan perusahaan, jarene isih ngluwihi plafon sing ditetepake. Para peserta uga wis padha umyeg ora kalah serune ngrembug bab iki, maklum para karyawan sing umume gajine undhaundhi klawan UMR iki jelas-jelas arang banget bisa dolan-dolan sanajan ta mung menyang candi Borobudur sing kepetung cedhak, lire kanggo tour iki mung mbutuhake wektu sedina wae, esuk jam 06.00 mangkat, mengko bengine wis tekan ngomah, dadi tanggal 18 Agustus wis bisa megawe kaya biasane ora ngganggu kelancaran produksine perusahaan.

Saya tambah dina prakara tour iki sansaya umyeg rame, kabeh padha duwe anggitan lan rancangan dhewe-dhewe. Ning nalika maca minutes meeting sing dianakake dening SPSI lan staf, uga ditekani dening Pimpinan perusahaan, Martedija kaya kesamber mbledheg wayah awan. Critane awan mau nalika dianakake rapat, Martedja ora bisa nekani sebab lagi ngurus bab kaos, topi lan jaket sing dipesen, niyate mengko mung arep weruh cathetan rapat utawa minutes meeting-e wae. Mitururt cathetan rapat sing dianakake awan mau, diputusake yen tour digagalake ing taun iki, sebab miturut keputusan sing asale saka kantor pusat, yakuwi rapat Direksi, dana tour bakal dialihake kanggo nutupi kekurangan material prodhuksi sing notabene kudu diimpor lan regane dadi tikel tekuk sabubare kena krisis dhek anu kae. Dadi ing antaraning pilihan bisa tour nanging prodhuksine keganggu, utawa ora sah nganggo tour nanging prodhuksine tetep lancer lan mesthi wae pawone karyawan uga tetep bisa ngebul.

Martedje lenger-lenger sendhen wit jambu sing ana mburi pabrik, mikirake modhal sing wis dienggo njaitake topi, kaos lan jaket, mikirake dhuwit tabungan, TV, lan kalunge mbok dhewor sing katut amblas. Sirahe ngisup sing ora bakal waras masiya diombeni obat ngisup cap bintang rolikur …!

Lagi lenger-lenger mau ndadak diparani Marto kanca nunggal penggaotan.

72

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010