Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/86

Kaca iki wis divalidasi

“Kang sampeyan arep dhaftar melu apa, sepak bola, voli, catur, badminton, apa senam,” ujare karo menehake lembaran kertas.

“Lha iki gae apa, Mar?” pitakone Martedja ora semangat blas.

“Lho …! Sampeyan ki piye, ta? Gae ngramekake tujuh belasan esuk dianekake lomba antardepartemen minangka gantine tour, wis gek ndang dhaftar badminton apa catur kono,” guneme Marto ayem.

“Badminton dhengkulmu cuklek! Ora ngerti wong lagi mikirake modhal sing amblas katut gawe pesen topi, kaos lan jaket je,” gremenge Martedja karo nglungani panggonan kuwi, dene Marto mung nggleges sajak ngece karo gedhag-gedheg.

Atine Martedja mrongkol sawungkal-wungkal, getem-getem, arep entuk rejeki wae kok ora sida malah kepara rugi, edian! Dhasar balungan kere…, gremenge. Kringet adhem nelesi awake, gek piye mengko anggone nerangake marang mbok dhewor sing klebu ewoning wong crewet.

Rampung mergawe dheweke langsung nguncluk mulih, ora kaya biasane leren gesah karo kanca-kanacane ana warung kopi pojokan perusahaan. Tekan ngomah kontrakane wis dipapag bojone.

“Kang, mau Pak Puji, tukang jait wis ngeterake jaitane, lha kae,” durung rampung anggone bojone sing ngomong, Martedja wis nggeblak semaput dadi layatan weruh tumpukan topi, kaos lan jaket ngebaki ruwang tamune. “Kang-Kang…. Eling…, ana apa ta iki mau!”

Bojone Martedja jelih-jelih sing marahi tangga teparone padha mara, tetulung marang sing lagi njrebabah.

Pirang-pirang ndina candhake …, wis tanggal 17 Agustus. Martedja ora bisa ndeleng upacara bendhera ana TV kaya taun sadurunge. Nalika ana lomba voli, bal-balan, senam, badminton lan liya-liyane dheweke ora melu, nginguk wae ora, atine kagol banget. Sirahe dadi ngisup banget yen weruh tumpukan topi, kaos, lan jaket sing ana omahe, saking gregeten, tumpukan mau diseleh ana latar lan disoki lenga gas njur disumed, genine mubal-mubal, bojone jelih-jelih ora direwes, tangga-tanggane ora ana sing wani nyedhak sebab ngerti Martedja lagi ngisup sirahe.

Bareng tumpukan topi, kaos, lan jaget mau mung kari awune, sirahe Martedja dadi entheng, ngisupe ilang, atine dadi lega, kaya bubar uwal saka blenggu wae. Atine mupus…, rejeki ora bisa dioyak, ora bisa ditulak.

Panjebar Semangat, No. 21, 20 Mei 2000

Cerita Pondok Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

73