Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/88

Kaca iki wis divalidasi

mripate plirak-plirik golek kesempatan nurun jawabane kancane. Aku mesam-mesem dhewe nyawang pemandhangan sing kaya ngene iki, merga aku yakin yen bocah-bocah iki mesthi isa nggarap soal sing dakwenehake kanthi tliti. Pemandhangana ngene iki sing tansah isa nglipur susahsumpege ati. Nyawang bocah-bocah iki isa lali yen lagi sumpeg, lali yen lagi paceklik dhuwit kaya mangkene.

Ora selak, bocah-bocah iki pancen nakal. Kadhang kala aku digawe nesu. Ning, ora kerep uga gawe guyuku. Suwasana kuwi sing marakake aku betah mulang bocah-bocah iki.

Saiki aku malih kelingan ngendikane bapakku biyen nalika mangerteni yen aku kepengin dadi guru.

“Rif, tenan kowe ora bakal getun, menawa dadi guru?”

“Mboten, Pak,” kandhaku manteb.

“Kowe rak isa nyambut gawe liyane. Delengen kangmas-kangmasmu kae, dha sukses. Lha njur kowe kok arep milih dadi guru. Njur arep mbok pakani apa anak bojomu sesuk? Apa kowe isa nyukupi kebutuhane keluwarga, sebab bayarane guru mono thihtik. Mangka biaya urip saiki larange ora jamak. Bayaran sesasi paling ya mung cukup nggo urip seminggu. Lha, sabanjure arep ditambal apa?”

“Rejeki menika rak paringipun Gusti Allah, Pak.”

“Ya…, yen pancen ngono karepmu, ya ora apa-apa. Bapak uga seneng. Merga dadi guru ngono mulya, senajan kadhang kala ana pawongan sing nganggep yen dhuwur-endheke drajat kuwi dideleng saka bayarane, dudu gedhe-cilike pangorbanane minterake wong liya.”

Yen eling-eling ngono kuwi, mbokmanawa Bapak pancen bener. Nyatane aku pancen ora bisa mulyakake anak-bojoku. Nanging, senajan anane ngono, aku babar pisan ora getun.

“Sugeng enjang, Pak Airf.”

Swara banter sing dumadakan mecah sepine kelas iki gawe buyare angen-angenku.

“Sugeng enjang, wonten napa?” semaurku njenggirat ngadeg saka lungguhku nyedhaki wong sing aran Pak No kuwi.

“Anu, Pak. Panjenengan ditimbali Kepala Sekolah.”

“Samangke?”

“Bibar jam samenika.”

“Nggih sampun, matur nuwun.”

Bubar jam, aku wis ora kanti maneh. Sajake pancen ana sing wigati tenan nganti aku ditimbali ora ngenteni jam ngaso. Gage-gage dakringkesi buku-buku sing neng meja guru, terus jumangkah metu saka kelas. Ora kathik mampir neng ruwang guru, aku langsung wae bablas neng ruwangane Kepala Sekolah.

“Sugeng enjang, Pak.”

Cerita Pondok Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

75