Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/89

Kaca iki wis divalidasi

“Sugeng enjang. Mangga Pak Arif,” ngendikane Kepala Sekolah kanthi pasuryan bungah.

“Wah, kados pundi, wonten wigatos?”

“Inggih. Ngaten lho, Pak Arif, panjenengan rak mboten nolak ta menawi kula aturi tugas. Etung-etung nggih pados tambahan rejeki. Rak lumayan kangge tambah-tambah blanja.”

“Wah, nggih mboten Pak. Sinten ta Pak ingkang mboten purun rejeki menika.”

“Nanging ngaten caranipun Pak arif, njenengan kedah saged kerja sama kaliyan kula ngrampungaken masalah menika.”

“Urusan bab menapa menika, Pak?”

Lho, napa njenengan dereng pirsa ta? Sekolahan menika rak ngawontenaken tanggalan enggal kangge warga sekolah mriki. Tugas panjenengan kedah saged nyade tanggalan menika dhateng lare-lare. Mangke bathine njenengana kaliyan kula saged fifty-fifty. Rak gampil ta?”

“Samangke napa mboten kadaluwarsa Pak, kula wastani lare-lare nggih sampun sami gadhah tanggalan.”

“Lho, njenengan rak saged sanjang dhateng lare-lare menawi menika program sekolah. Dados wajib!”

“Menawi lare-lare mboten purun Pak?”

“Lho, lha dos pundi njenengan niki! Njenengan rak gurune. Nggih dos pundi sagede supados lare-lare purun tumbas. Njenengan sing kedah diturut lare-lare. Sanes njenengan sing nurut lare-lare.”

“Kula sakaken Pak. Seminggu kepengker lare-lare nembe diwajibke tumbas buku-buku penunjang. Kala wingi nemebe wonten tarikan kangge kegiatan Osis. Lha samangke menawi diwajibaken tumbas tanggalan menika, napa saged. Malah kadosipun buku-buku menika mawon taksih kathah ingkang dereng mbayar!”

“Lho njenengan kok malah mbelani lare-lare! Ingkang namine program wajib sekolah menika nggih kedah ditindakaken. Mboten wonten alasan sakaken napa malih mboten mentala. Wajib nggih wajib. Mboten saged dinyang-nyang malih!”

“Namung, Pak ….”

“Sampun Pak Arif, kula mboten ngertos caranipun njenengan dos pundi amrih urusan menika saged rampung. Ingkang utami kula namung nyukani jangka waktu kalih dinten. Titik!”


76

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010