Kaca:Cerita Pendek Jawa Yogyakarta.pdf/90

Kaca iki wis divalidasi

Metu saka ruwang Kepala Sekolah, rasane sirah iki tambah abot. Tembung-tembunge Pak Kepala Sekolah isih ndrenginging neng kupingku. Mbok menawa ora mung abang wernane kuping iki. Arep mbantah, iki prentahe Kepala. Ora dakbantah, kok ya mentala tenan. Njur apa sing bakal tak omongake neng bocah-bocah? Dakbayangake mendahneya swarane mengko. Mangka regane tanggalan iki kaping pindhone rega buku sing lagi dituku. Buku wae isih akeh sing durung mbayar, apa maneh mung tanggalan sing ora patiya penting lan ora ana gandhenge karo pelajaran. Sirahku sansaya abot. Ndadak saklebatan aku eling maneh karo sambate bojoku mau esuk. Upama dakteruske prentahe Kepala iki, mbokmanawa sambate bojoku mau esuk isa ditambani. Nanging upama ora dakterusake njur piye?

Njur saiki telung jangkah maneh aku wis ana ngarep kelas. Mangka aku durung bisa nemtokake aku abot sapa. Aku arep omong apa…?

Jaya Baya, No. 40, Th. LIV, 4 Juni 2000

Cerita Pendek Jawa Yogyakarta Periode 2000-2010

77