Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/132

Kaca iki wis dikorèksi

120

Javanese Literature since Independence

embokné ḍèk isih prawan. Tinah ḍéwé wis wegah ngudi sarira, dadi iya katon olèhé kuru lan mboseni. Pipiné katon blentong-blentong ireng marga panasing srengéngé yèn ḍong nggarap sawah. Rambuté akèh sing wis paḍa rontog. Semuné ḍèwèké ora mreduli marang kahananing urip iki, ora mreduli marang apa kang seḍeng lan bakal tumindak. Ḍèwèké tansah nyambut gawé abot, lan iku semuné kanggo nglipur atiné. Mbokmanawa tresnané marang 'panji klantung' kang mènèhi Sumiyati iku biyèn isih nabet ing telenging atiné.

Ana déné pak Bandi ḍéwé tetep dadi wong mukti kaya biyèn. Nyambut gawé ya mung yèn gelem, mangan tansah diladèni, apa karemané mesti keturutan. Malah asring baé ḍèwèké mbalèni 'sejarahé' biyèn, mbanting gunung, ngombé arak lan nyanḍing wanita pelanyahan. Kabèh mau ditata kanti pratitis lan sesiḍeman, nanging Tinah iya meksa weruh. Mung baé Tinah emoh ngélikaké, lan pancèn ḍèwèké wis wegah ngurusi.

Omah kuwi dadiné katon sangsaya sepi lan tanpa praba. Katon pucet lan tanpa pangarep-arep. Dalasan Sumiyati kang bakal dadi ratuning kasulistyan iku baé iya wis ora mreduli manèh marang kahanan. Ḍèwèké uga ora ngreti apa lan endi kasusilaning jagad iku kang utama lan bener ḍéwé. Ora marga luputé, nanging marga wong tuwané kang masa boḍo iku.

Rikala Sumiyati ngidak ing plataraning kadiwasan, ana lelakon kang gawé seḍihé, ya-iku embokné alias Tinah mati ndadak. Soré jam pitu masuk angin, jam sanga sida bablas. Wong sakampung kono paḍa mèlu prihatin, mèlu kélangan warga kang sregep lan tawakal. Nanging ing sajroning prihatin iku, ora ana kang paḍa apitakon, yagéné Tinah bisa mati ndadak mengkono.

Tinah kakubur kanti upacara, kakubur kanti tentrem lan rahayu. Let setaun saka kedadéyan iku, pak Bandi ngedol barang darbèké. Omah pekarangan lan sawah dikon ngrumati ahli waris. Sumiyati diajak urip ana kutané, ya-iku ... Sala.

Sanyatané, anggoné Tinah ora ana iku ora liya iya saka pokal gawéné Subandi ḍéwé.

Tekan kuta pak Bandi dipapag déning sanak-kadangé lawas. Saiki wis paḍa ketemu tuwa, umuré ora kurang saka sèket taun. Éwadéné guyoné isih kaya ḍèk isih enom, jalaran paḍa tunggal hobiné.

Sadurungé mulih iku pak Bandi wis bisa 'nebus' omahé biyèn. Sing rada makéwuhi ya iku omah iku ana sing ngenggoni, ya-iku Sunardi, isih jaka, isih sekolah ana ing perguruan tinggi. Sunardi isih ngenggoni