Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/138

Kaca iki wis dikorèksi

126

Javanese Literature since Independence

Krungu wangsulané Mulyana kang mangkono iku atiné bungah Ian mongkog. Pancèn wangsulan kang kaya mangkono iku kang diarep-arep. Qèwèké ora kepéngin dialem lan uga ora kepéngin krungu wangsuIané MuIyana kang: ' ... aku miIih sliramu jalaran ayumu sajagad ora ana tançling, ora Iarang dak-labuhi .. .' lan liya-liyané. Semuné MuIyana uga bisa njajagi gémbolané Haryani, pranyata ḍèwèké nuli pitakon: 'Piyé, jeng, cocog? Sliramu ora gela déné aku ora nyebutaké bab ayu Ian sajagad tanpa tanḍing?'

Haryani mèsem, mripaté sumunar bening. Nuli wangsuIané: 'Pancèn wangsulan kang mangkono iku kang dak-arep-arep, mas. Jalaran pangalem iku durung karuwan yèn tuius sucining ati. Kaḍang kala ana pamrihé pribadi.'

'Bener kuwi, jeng. Simbah kaé ya ngandika ngono kok.'

Haryani gela, mlérok banjur njiwit lengené MuIyana, karo celaṭuné:

'Uuu, wegah aku yèn njur 'ḍagelan!'

'Ora, mas, nanging aku arep matur satitik,' celatuné Haryani manèh.

'Akèh ya kena kok. Malahané atiku seneng jaré,' wangsulané Mulyana mbebéda.

Haryani mèsem banjur kumecap celatu: 'Ana sawijining bab kang perlu dak-blakakaké saiki, jalaran aku kuwatir yèn mburiné gawé gela.'

Mulyana rada ḍeg-ḍegan. Nyawang Haryani kanti soroting mripat kang kebak pitakonan.

'Ngéné, mas. Satemené aku Ian mbak Harwani iku dudu saduiur ,tenan. Aku iki mung saduiur angkat. Aku ... aku anak kéré!'

MuIyana kagèt krungu kançlané Haryani kang kaya mangkono mau. Nanging panggronjaling atiné mau diampet, ḍèwèké meneng baé ngentèni bacuting rembugé Haryani.

'Piyé, mas? Apa sliramu ora gela?' pitakoné Haryani.

Kawitané MuIyana pancèn kagèt. Tembung 'anak kéré' mau mrabawani marang atiné. Nanging bareng wis dinalar-naIar, rasa kagèté iku banjur ilang. Sanadyan kéré kaé rak ya manungsa ta, kang béda mung drajat Ian kalungguhané. Lan nyatané saiki Haryani dudu kéré. Qèwèké duwé rasa tresna marang Haryani. JaJaran saka iku mula wangsuIané mantep: 'Tuwuhing rasa ,tresnaku marang sliramu ing sawisé sliramu diwasa. MuIané iku nadyan piyé baéçlèk samana, ora bahl gawé gempiling tresnaku.'

Krungu wangsulané Mulyana kang mantep iku, Haryani karasa-rasa atiné. Banjur ambruk ing ḍaḍané MuIyana karo nangis mingseg-mingseg. Atiné Mulyana trenyuh, nanging meksa isih bisa sumbar: 'Nangisa setaun