Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/48

Kaca iki wis dikorèksi

36

Javanese Literature since Independence


duwé perlu mau iya ana ambu-ambuné kepéngin katiban wahyu lurah désa, tandhané nganggo nganakaké lakon Wahyu Cakraningrat, iku rak minangka pamuji menyang awaké. Kejaba iku iya perlu golèk daya supaya disuyudi ing wong akèh.'

Sujana: 'Sanadyan makatena, namanipun wahyu, inggih pundi ingkang kuwawi kedhawahan.'

Kyai Amad: 'Yèn ngélingi mangkono, dadi kowé iya kudu ngerti, yèn wahyuning drajat, iku kena disaranani saka tindak kenalaran, tegesé lahir. Ora liya mung kudu sarana lelabuhan kang becik. Lha kowé, anggonmu omah ana ing Patrarejan wis tau duwé lelabuhan apa? Lan manèh kowé kuwi rak dudu wong balabag Kuwaron ta?'

Sujana: 'Inggih sanès balabag Kuwaron, nanging kul a gadhah bengkok sabin wonten ing Kuwaron. Déné prakawis lelabetan, rumaos kula inggih sampun kathah.'

Kyai Amad: 'Yèn saka rumasamu dhéwé, iku durung kanggo. Ala-beciking lelakon, iku tinemu ana ing pamawasing liyan. Angèl, tholé, anjangka wahyu iku. Yèn gampangé becik disèlèhaké, iku gumantung ana ing kabegjan. Généya nganggo kogagas-gagas?'

Sujana: 'Boten, embah. Sayektosipun kula punika gadhah kajeng sanes ...'

Kyai Amad: 'Elo, karep apa manèh, tholé?'

Sujana wicanten seret: 'Anu, embah, sayektosipun kula punika kepéngin mengkoni anakipun pak Surasentika, ingkang namanipun Srikuning punika.'

Kyai Amad mireng ginemipun Sujana ingkang wedalipun seret wau, keraos ngeres ing manah, lajeng nyawang dhateng Sujana, saha lajeng tumungkul kembeng-kembeng. Salajengipun wicanten: 'O, Sujana, bareng aku krungu gunemmu kang mangkono, atiku krasa ngeres, aku ngreti yèn atimu mesthi rusaké. Nanging kapriyé ta, mungguh ing jejodhoan, iku iya luwih gawat. Yèn piandeling wong tuwa, jodho iku dudu gawéaning manungsa. Saya tinemuné ing jaman saiki, jejodhoan iku, tumraping wong-tuwa ora merdika temenan panguwasané menyang anak, iya ana rasané gumantung menyang bocah kang arep anglakoni, iku iya luwih gawat. Yèn aku ngélingi suwargi embahmu iku sadulurku tuwa, aku wajib milu ngembat apa kang dadi kekarepanmu. Nanging kepriyé, nggèr, éwuh anggonku minangkani, awit wang jejodhoan iku kelakoné dudu bangsané sarat lan guna pangasihan, gampangané kudu ana kang nglakoni, wong-tuwa kari nerusi.'

Sujana: 'Embah, sayektosipun, manawi pun Srikuning makaten inggih sampun wonten sajak-sajakipun purun kula pendhet, nanging tiyang-