Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/68

Kaca iki wis dikorèksi

56

Javanese Literature since Independence

tinggal kaprayitnan.

'Iki mesti panggawéné mata-mata mungsuh,' bisiké Marija.

'Piyé, mas? Apa kita mundur dhisik?' pitakoné Narna.

'Ora,' wangsulané Wiranta, 'kowé kudu ngeteraké kangmas tilik sibu. Sukardiman ajaken.'

'Ah, lha mas .. .' protèsé Narna.

'Tinggalen aku. Tinggalen kéné waé, karo Marija. Kanca-kanca liyané mengko rak ya mréné tulung aku. Ning kangmas Wiradi kudu ketemu sibu, wong wis diniyati saka ngomah.'

Wiranta yèn duwé karep pancèn angèl dieluk.

Sawisé padha usreg nata karep, akiré Narna manut usulé Wiranta. Dadi cah telu, Narna, Wiradi lan Sukardiman, nerusaké laku nyabrang dalan gedhé Mesèn. Lakuné gegancangan waé, slundap-slundup kaya bocah jélungan. Déné Wiranta lan Marija ngentèni kumpulé kanca-kanca kang bakal ngupakara Wiranta.

Ora kacarita lakuné prajurit telu mau ana ndalan. Kocapa bareng arep mlebu pekarangan dalemé pak Wiradad, Narna njarwani:

'Sadhéla waé, mas! Limalas menit utawa setengah jam suwé-suwéné, aja luwih. Aku nunggu kéné. Yèn ana bebaya aku ngunèkaké karabènku ping telu urut-urutan. Kardiman bèn ngeteraké tekan ngarep lawang.'

Wong loro manut, irid-iridan mlebu pekarangan. Wiradi nyasmitani supaya Sukardiman ngetutaké dhèwèké liwat ngiringané omah, ngisor uwit sawo kecik. Wong loro kuwi kanca wiwit cilik, dadi bab kaanané omah kono ya wis padha kulina.

Greg. Sukardiman nggondhèli Wiradi.

'Mas, awakku mrinding. Jaréné cah-cah wit sawoné iku ana wedhoné.'

'Ssstt !'

Karepé Wiradi ngélikaké supaya Sukardiman aja ngomong seru-seru. Nanging bareng ngerti sing dikarepaké Sukardiman wulu kalongé ya njegrik. Wiradi pancèn ya tau krungu critané bab wedhon ngisor wit sawoné kuwi, mulané nganti gedhé dhèwèké ora tau wani liwat cedhak kono ijèn bengi-bengi. Déné saiki bareng wis kebacut liwat lagi kèlingan, gitoké terus mengkirig. Lakuné banjur setengah mlayu digandhuli Sukardiman sing wis ngoplok. Lega atiné bareng bisa tekan lawang buri tanpa digilani wedhon.

Omah iku peteng, njenggereng kaya omah suwung panggonan sétan. Wiradi rada gojag-gajeg atiné, kuwatir mengko gèk wong tuwané wengi kuwi ora nyaré kono, nanging nyaré Njeronbètèng. Merga bisa waé ta jalaran gerah lan kijènan manggon dalem kono, banjur golèk réwang ngiras ngungsi ana Njeronbètèng. Lha yèn wong tuwané ora ana