9
Wis ana rong dina iki aku ana ing kuta Ngayojakarta, perlu jagong mantèn. Mantèné mitraku tunggal jawatan, Radèn Suparta, inspèktur pulisi saka Munțilan, olèh Rara Tisnawati, putrané Radèn Penèwu Ranusuganda, ing kampung Tegalpanggung.
Ketemuning mantèn diramèkaké nganggo nanggap wayang kulit. Tamuné akèh, nganti tarubé mèh ora kamot. Apa manèh sing pada nonton, wah akèhé ora karu-karuwan, nganti padet, mblabar tekan dalan gedé. Dasar dalangé pancèn wis konḍang apiké, mula ora anggumunaké banget yèn nganti semono akèhé sing pada nonton. Aku déwé ya nganti ngebyar. Lungguhku ana sakburiné kelir, dadi ceṭa menyang critané. Lakoné Bagawan Mintaraga.
Bareng wayang wis bubar aku nembé krasa ngantuk lan kesel, mulané aku banjur mlebu ing kamar paseḍiyanku, turu kepati. Jam telu awan aku nembé tangi, ya rumangsa katog banget. Beneré dina iku aku arep terus mulih menyang Magelang, nanging banjur dicanḍet déning mantèné sekaliyan supaya bali bareng sésuk-ésuk. Aku nuruti. Tékadé wong enggonku nyuwun pamit isih rong dina manèh, dadi isih ana témpoku.
Soréné mas Suparta serimbit pada merlokaké sowan menyang dalemé para pamiliné sing putri, perlu pamitan, nanging aku ora mèlu, sengadi arep ana perlu liya lan arep nyatakaké benginé Malioboro, kang jaréné wis konḍang tekan endi-endi. Mula bareng mas Suparta sekaliyan wis tindak aku banjur dandan, terus lunga menyang Malioboro, ngiras-ngirus karo tuku bonékah kanggo ngolèh-olèhi adiku sing isih cilik déwé, putrané pak cilik sing dak-pondoki. Bareng wis olèh aku mbanjuraké mlaku-mlaku, karo nyawang pasawangan kang ramé.
Mula nyata, Malioboro pancèn ramé banget, ing sadalan-dalan tansah kebak wong. Mengkono uga untabing tetunggangan, ora ana pedoté, ngalor-ngidul pating sliri pirang-pirang, motor, andong, bécak lan sepéda, wis ora kena diétung. Tujuné peraturan lalu-lintas wis becik,mula arang ana kacilakan.
Toko-toko pada katon padet kebak wong sing lagi paḍa blanja, nganti ora kena dipiyak. Mangka ing wektu iku wis tanggal 13, teka raméné isih nganti kaya ngono, méndah yèn pinuju tanggal nom, mangsané para kaum buruh pada gajihan, kaya ngapa raméné. Aku déwé mung tansah