Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/72

Kaca iki wis dikorèksi

60

Javanese Literature since Independence

sumlengeren weruh untabing wong sing kaya ngono mau. Sarèhning niyatku mung butuh mlaku-mlaku, mula aku terus ngalor. Tekan tetegan sepur Tugu aku manḍeg, awit kebener lagi ana sepur teka. Mengkono uga tetunggangan pada manḍeg kabèh, dawané nganti ana 1 km. ḍéwé. Bareng teteg sepur wis dibukak aku nerusaké lakuku ngalor terus. Niyatku arep tekan tugu, banjur bali, mampir Kedaulatan Rakyat arep nemoni mitraku mas Teguh sing dadi wartawan ana kono, yèn ketemu.

Nanging bareng lakuku tekan sangareping geḍong biyoskup 'Ratih' aku manḍeg, awit aku gumun weruh untabing wong sing arep paḍa nonton biyoskup nganti semono akèhé. Sangareping geḍong kebak, jejel riyel, apa manèh sangareping lokèt, sing urut karcis nganti dawa banget, banjur ménggok bali manèh, nganti mujudaké lèter S.

Ing bengi kuwi sing diputer film 'Niagara', sawijining karakterfilm rolé Joseph Catten lan Marilyn Monroe, kang aksiné pancèn bisa gawé kepéncuting sing nonton. Mula ora nggumunaké yèn untabing wong nganti semono akèhé.

Apa manèh bareng weruh gambar réklamené sing dipasang ana sangareping lawang, mesti akèh sing paḍa kepéncut, awit gambaré pancèn rada 'luar biasa', mung kena kanggo umur 17 taun sapanḍuwur. Aku ḍéwé, sing niyaté mung arep mlaku-mlaku, bareng weruh kaya mengkono atiku teka banjur mèlu kesengsem, kepéngin nonton. Mulané aku banjur ménggok, arep golèk karcis. Nanging kepriyé enggonku bakal bisa olèh karcis, awit sing urut wis dawa banget. Mula niyatku yèn ora olèh karcis ya arep trima nglentung mulih, katimbang tuku karcis ana catutan, kang regané wis tikel tekuk, tur nglanggar larangan pisan. Pancèn ing wektu iku tukang catut karcis akèh banget, pating sliwer ngalor-ngidul, ngétanngulon, karo nawakaké karcisé kanti ḍeḍelikan kuwatir konangan pulisi. Éwadéné meksa isih akèh sing gelem tuku, nganti tukang catut karcis mau katon kendel, lan enggoné ngunḍakaké regané sakepénaké ḍéwé baé, ora trima mung munḍak, nanging malah tikel loro utawa telu saka reganing karcis sing resmi.

Sarèhning sesak lan ora ana pangarep-arepé enggonku bisa nonton, aku banjur ndeleng gambar réklamené kang dumunung ana étalage. Lagi énak-énak enggonku ndeleng, dumadakan punḍakku ana sing njawil. Bareng dak-tolèh jebulé mitraku lawas, mas Ngubaèni, kanca sekolah pulisi nalika ana Sukabumi, kang saiki wis dadi inspèktur pulisi kaya aku, ḍèwèké ana Bantul, aku ana Magelang.
'Suwé ra jejamu, jamu manèh ngombé setrup. Suwé ra ketemu, temu manèh ana ngarep biskup. Arep mriksani apa, ḍik As?' pitakoné mitraku karo ngepuk-ngepuk gegerku.