Gara-gara
69
sikil gejig. Aḍiné geḍéḍuwur, irung bangir, polaJtan kaya
wong nyebrot. Wuragilku sarwa amba, mripat amba, lésané
ya amba.
Laré angèn:0, sumerep, kyai. Kala wau won ten kilèn ngriku, sami padudon aben kucing. Sulayaning rembag ingkang kalih sami kerengan, satunggilipun milah. Sarèhning sayah samangké sami aso ,tilem sanganḍaping papringan kakroyok laler.
Semar: É, ora genah anakku katik paḍa mainan. Mara undangna mréné, tolé.
Laré angèn: Mas lurah! Mas lurah! Mas lurooooooah! Sampéyan ditÏmbali rama sampéyan. É, é, ora nglilir. Bèn dak-balangé lungka ... (blug!).
Garèng: Athooooo! Sapa iki wani ganggu gawé?
Laré angèn: Sampéyan diundang rama sampéyan.
Garèng: Aku emoh mara nèk ora ditembangaké ... ḍanḍanggula.
Laré angèn: Punika boten purun, kyai, manawi boten katembangaken ḍanḍanggula.
Semar: É, katik isih tetep aleman temen bocah ki. Apa wong gerang ki ya kelakon klongkang-klongkong. É, ya ia, bebasan anak molah bapa kepraḍah, ya dak-Iakonané. (Semar nyekar ḍanḍanggula sléndro patet 9. :Qawahing gong katampèn la drang pangkur Iamba, kinten-kinten 3 gongan. Garèng lajeng ḍa:teng saking kiwa.)
Garèng: Waḍuh! Tuwa-tuwa kakèkné ki saya empuk suwarané. Wis wis, anggeré wis krungu tembangé ḍanḍanggula kakèkné, arepa ngaḍep ratu, dak-tinggal ngono baé.
Semar: Hèh, hèh, hèh, hèh ... ! Hé, olèhmu isih aleman kuwi. Jaré kowé mau kerengan karo Pétruk, apa hiya? Yèn bener, apa sababé?
Garèng: Açluh, ma, dadia banyu emoh nyuwèk, dadia goḍong emoh nyawuk, dadia suket emoh mangan aku, karo putramu siji kaé.
Semar: É, jalarané apa? Sadulur ka!ik nganti kaya ngono. Mara undangen!
Garèng: Emoh, ma. Aku saiki pe!i gung kang waḍah wayang, glepung munggwing citakan kok. Aku jo!akan 'tur satron.
Semar: Éee, hèh, hèh, hèh .. , ! Ora genah! Nganggo parikan barang. Ayo, gelem apa ora? Yèn ora gelem kelakon dak-gècèk ḍéwé kowé.