Kaca:Kangen Sekolah.pdf/11

Kaca iki wis divalidasi
Kangen Sekolah
Dening : Clarista Agila F (9A)

Aku bungah sekolah ing SMPN 1 Kediri
Dak lakoni dina-dinaku kanthi semangat
Isuk-isuk aku budhal mburu ilmu
Supaya kelakon panggayuhku besoke

Aku kangen mlebu sokolah maneh
Ketemu Bapak — ibu guru maringi ilmu
Ketemu kanca-kancaku
Bisa sinau bareng....gegojekan

Isih sethithik angenku mlebu sekolah
Dumadagan ana virus corona
Kabeh dilereni anggone mlebu sekolah
Rasa gela atiku mbuyarne angenku

Sampek kapan prastawa pait iki
Wis ana sakwa anggonku sinau daring
Iku bakale dadi kelulusan wersi corona
Kapan aku bisa sekolah
Aku kangen sekolah

1 | TIPOLOGI GEGURITAN