Kaca:Kangen Sekolah.pdf/12

Kaca iki wis divalidasi
Angen-Angenku
Dening: Fitria Shafa Ardianti (9B)

Angen-angen sajroning ati
Ora ketemu sapadha-padha nganti saiki
Kabeh mung gari sawetas kenangan
Ngenteni kapan bisa ketemu maneh kaya biyen

Saupama kabeh isih kaya wingi
Guyon bareng kanca-kanca kemrupyuk mbukani crita
Ngenani dina-dina kang wis lumaku
Kabeh dilakoni bareng-bareng kanthi susah lan bungah

Nanging saiki .....
Rasane mung kaya ngimpi
Crita iki arep paripurna
Suka kita angkatan paling tuwa
Gegayuhan nyuwun marang Gusti ingkang akarya jagad

Kabeh bencana......
Enggal rampunga
Kapan angen-angen iki...
Dadi kasunyatan sejati

2 | TIPOLOGI GEGURITAN