Kaca:Kangen Sekolah.pdf/13

Kaca iki wis divalidasi
Sinar Rembulan Pendidikan
Dening: Fitria Shafa Ardianti (9B)

Kasorot cahyane sing sumringah....
Kanthi sabar lan ngati-ati ngadepi murid-murid
Kabeh ditindakake
kanggo murid supaya pinter
Paring ilmu kang ora nyawang wektu
Ndadekake manungsa ingkang migunani
Panas srengenge ora ndadekne sungkawa
Tanpa keluh tanpa pamrih
Ngabdi ing bumi pendidikan
Kayata sinar rembulan....
Nerangi jagad gawe pepadhang,
kanggo generasi bangsa
Ndhidhik anak bangsa kanthi tulus
Mulang tata krama
Supaya bisa dadi manungsa
Sing tliti tanpa nglarani
Mugi pinaringan berkah
Gusti Allah kang murbeng dumadi
kanggo panjenengan....
Guruku

TIPOLOGI GEGURITAN | 3