Kaca:Kangen Sekolah.pdf/19

Kaca iki wis divalidasi
Kenangan
Dening : Nabila Putri Kinanti (9E)

Wektu gak kerasa wes mlaku somono cepete
Ninggalake sayuta kenangan
Ana seneng, ana susah
Kabeh wes teka neng alure urip iki

Aja getun karo seng wes dilakoni
Aja mbok tangisi kenangan ala ing jaman mbiyen
Nanging sawangen dina esok sing bakal mulya

Dalan isih amba
Isih ana wektu kanggo mawas diri
Lan aja terus-terusan klelep ing masa lalu
Amarga iku duduk tujuan uripmu

TIPOLOGI GEGURITAN | 9