Kaca:Kangen Sekolah.pdf/24

Kaca iki wis divalidasi
PACOBAN
Dening : Carissa Aulia R.S. (9A)

Adhuh...
Kenging punapa susah sanget
Kenging punapa mbingungaken sanget

Nyebabaken sirah kula ngelu
Lan ndamel sumedot wonten sakjroning ati
Kalem, aja grusa grusu
Sedanten punika pacoban

Mendel ingkang mboten wonten pungkasanipun
Suhu wekdal terus mlampah alon-alon

Ngajeng-ajeng pikantuk kasil ingkang sae
Ngajeng-ajeng supados enggal paripurna
Bismillah, punika ingkang dipunwastani pacoban
Mugi Allah paring kekiyatan
Lan margi ingkang padhang...
Aamiin

14 | TIPOLOGI GEGURITAN