Kaca:Kangen Sekolah.pdf/25

Kaca iki wis divalidasi
Nyupena Awon
Dening : Clarissa Dwi Agustin (9A)

16 Maret 2020
Tanggal kadadosan nyupena awon niki
Sedaya ngraosaken sisah
mboten namung tiyang setunggal
Namung saget memuji
enggal wangsul malih
Pados kawilujengan
damel nylametaken kawontenan
Mila ....
mboten katah ingkang enget
Bilih ingkang nebihaken
malah maringi pitedah ingkang benten
ingkang dipunpadosi
dangu.....

TIPOLOGI GEGURITAN | 15