Kaca:Kangen Sekolah.pdf/46

Kaca iki wis divalidasi
Cahya
Dening : Fanissa Aqila (9B)


Srimbit angin ngelus wengi
Sang candra ora mung nyinari pratiwi
Lintang lunga ora mung ndandani tawang
Katutup mega kelawu kang nerawang

Yen ora ana wulan
Sapa kang tunjukke dalan?
Yen ora ana lintang
Sapa kang dadi pelipur larane insan
 
Duduk wulan...
Kang tunjukke dalan
Duduk lintang...
Kang dadi pelipur larane insan
Tapi Al — Qur'an
Kang tunjukke dalan uga dadi pelipur lara insan

36 l TIPOLOGI GEGURITAN