Kaca:Kangen Sekolah.pdf/48

Kaca iki wis divalidasi
Amerga corona
Dening :FidelaLeilani D (9B)


Ing wayah esuk...
Ngagem seragam banjur mbukak laptop
Sing biasane budhal dhateng sekolah
Saiki mung nek omah wae
     lki kabeh amarga korona
     Amarga korona sekolah ditutup
     Amarga korona sekolah kanthi online
     Amarga korona akeh murid dadi bodho
Duh Gusti.. kapan kabeh iki rampung
Kita mung bisa ndedonga
Supaya kabeh iki enggal rampung
Supaya murid isa sinau ing sekolah maneh

38 l TIPOLOGI GEGURITAN