Kaca:Kangen Sekolah.pdf/5

Kaca iki wis divalidasi
ATUR PANGGIRING

Puji syukur konjuk wonten ngarsanipun gusti ingkang Maha Kuwaos dene buku kumpulan geguritan (antologi geguritan) karya siswa kelas IX SMP Negeri I punika saking asilipun ujian praktek sampun rampung lan sapet didadosaken buku literasi.

Kanthi wontenipun buku Antologi Geguritan punika dipun ajab sageta mbantu para siswa kangge nyinaoni bab geguritan. Ugi upados saget maringi “motivasi” pura siswa lintunipun kersanipun gadhah “greget” kangge nulis geguritan.

Buku Tipologi Geguritan punika mbok bilih taksih tebih saking kasampurnan, amargi inggih taksih ajaran kanggenipun siswa-siswa saget ngripta geguritan, mila saking menika kula ingkang dhapuk editor nyuwun gunging samodra pangaksami.

Cekap semanten ingkang saget kula aturaken, mugi buku punika wonten manfaatipun kangge pasinaonan Basa jawi bab Geguritan.

Nuwun.