Kaca:Kangen Sekolah.pdf/56

Kaca iki wis divalidasi
Lathi
Dening : Rose Sita Rachman (9B)

Lathimu kadang apik
Lathimu kadang pedes
Lathimu ora duwe balung
Amarga lathi, wong nangis
Amarga lathi, wong ngguyu

Lathi iku mung cilik,
Nanging bisa ngiris sewu tatu
Tatu sing wes ngukir ing ati
Tatu sing wes angel ditambani
Ati-ati, jaga lathimu
Amarga ajining diri ana ing lathi

46 | TIPOLOGI GEGURITAN