Kaca:Kangen Sekolah.pdf/80

Kaca iki wis divalidasi
Gunung Kelud
Dening : Nurina Yulia Artanti (9E)

Kelud...
Awakmu gedhe dhuwur meh nyundhul langit
Puncakmu ndemek awan putih
Lerengmu dikerubuti tanduran ijo
Kaendahanmu ngademke mripatku
Kabeh sinawang dadi gumun

Oh Kelud.
Warnamu ijo katutup wit-witan
Kewan miber padha gegojekan
Suara cipratan banyu krungu kricik-kricik
Ngalir saka duwur tiba ing ngisor

Hawane kang tansah seger
Alon-alon srengenge jumedhul ko wetan
Cahyane nembus jagad iki
Nggugah semangat jiwaku

Kicau manuk wiwit keprungu
Ngiringi esuk sing dina iku
Nguripake swasanane donya
Supaya manungsa kebak rasa bagya

70 | TIPOLOGI GEGURITAN