Kaca:Kangen Sekolah.pdf/81

Kaca iki wis divalidasi
Atiku
Dening : Shandya Pilaloka Kharina Putri (9E)

Nalika nangis ora bisa ditahan,
Aku krasa abot banget,
Lambe mung bisa meneng wae;
Lan alon-alon nangis

Sanajan lara,
Nanging aku kudu tetep kuwat,
Teguh lan ora rapuh...

Amarga uripku isih durung suwe,
Isih ana kesempatan kanggo ngukir rasa seneng,
Werna lukisan urip sing meh klelep,
Amarga cahya surem...

Lan aku isih duwe Gusti Allah,
Sing tansah setya ing sisihanku,
Krungu kabeh curahan atiku

TIPOLOGI GEGURITAN | 71