Kaca:Kembang Setaman.pdf/29

Kaca iki wis divalidasi

29

paḍa weroeh wit ranḍoe, ta? Jèn wohé wis wajahé toewa, goḍongé paḍa brinḍil. Koelité wohé atos, ing djero ana kapoeké; gawéné dienggo ngisèni kasoer oetawa bantal. Terkaḍang kapoek ikoe digawani menjang

tanah Éropa. Ing sadjroning kapoek ikoe ana isiné (klenṭeng); koewi widjiné.

Woh ranḍoe kang wis garing akèh kang paḍa mleṭèk; kapoeké moto-moto. Jèn ketempoeh ing angin, ana kang katoet saisiné pisan; tibané terkaḍang nganti adoh saka panggonané lawas. Moelané ora bandjoer tiba, djalaran kapoek kang mèloe kaboer ikoe ènṭèng