Kaca:Kembang Setaman.pdf/34

Kaca iki wis divalidasi
34

Sampoen mesți kémawon ladjeng boten medal wohipoen.

La pidjer waoe ladjeng kados poendi? Ingkang èstri ladjeng nigan, boten lami djaler-èstri sami pedjah. Dados ama pantoen waoe oemoeripoen boten pandjang, lami-laminipoen enggènipoen gesang namoeng enem minggoe.

Terkaḍang ama pantoen waoe ḍatengipoen ing sabin sesarengan pinten-pinten. Sampoen mesți kémawon ingkang mekaten poenika adamel kapitoenan ageng. Éwon kapitoenanipoen tijang tani.

Djalaran saking poenika, wontena ing poendi-poendi, kéwan waoe kedah dipoen pedjahi. Sawenèhing tijang tani wonten ingkang gaḍah akal mekaten: ing wantji daloe moebeng wonten ing sabin kambi mbekta obor. Pidjer ingkang wonten ing sabin kațah ingkang sami moeroegi obor, toemoenten pedjah kebesmi. Ananging koela sampoen soemerep panggénan, ingkang tijangipoen tani langkoeng pinter. Tijang tani ing panggénan waoe sami semadosan kalijan kantjanipoen: enggènipoen nanem pantoen dipoen djak sesarengan sampoen mesti kémawon ama pidjer waoe ingrikoe inggih ladjeng katah. Ananging pidjer ingkang medal saking ing ențoengipoen, ing sakiwa tengenipoen ingrika boten saged angsal wit pantoen enèm, ingkang ronipoen oetawi witipoen taksih empoek. Ingkang èstri inggih sami nigan; ananging anakipoen ingkang taksih enèm boten sami angsal teḍa; dados ladjeng sami pedjah. Let setengah taoen, jèn tijang tani waoe nanem pantoen malih, amanipoen pidjer namoeng sekeḍik. Akalipoen tijang tani ingkang mekaten poenika rak saé ta?