Kaca:Kembang Setaman.pdf/35

Kaca iki wis divalidasi

35

10. Koelit kajoe diolah dadi tablèt.

Ing pegoenoengan ing tanah Prijangan sing ḍoewoer-ḍoewoer ana tanah presil pirang-pirang; tanah maoe ditandoeri wit kinah. Enggoné nandoer wit kinah ikoe moeng preloe diepèk koelité baé; koelité wit kinah ikoe akèh banget regané.

Wit kinah ikoe pinangkané saka ing negara mantja; penandoeré ana ing tanah Djawa sepréné lagi 70 taoen. Déné asalé ing tanah Amérika-kidoel, diepèk widjiné, digawa menjang tanah Djawa. Nanging pendjoepoeké widji ikoe ora gampang, sabab wong-wong ing kono banget pendjagané, adja nganti widjiné oetawa ṭoekoelané kinah maoe didjoepoeki oetawa digawa oewong menjang tanah lija. Jèn ana wong sing bisa ndjoepoek ṭoekoelané, digawa menjang tanah Djawa, tekané ing tanah Djawa terkaḍang wis paḍa