Kaca:Kembang Setaman.pdf/39

Kaca iki wis divalidasi

39

Ora soewé noeli paḍa moeḍoen, ngoebengi tjanḍi, bandjoer paḍa menjang Tjanḍi Sari. Saka ing kono moeng lakon limang menoet koerang loewih.

Bareng wis tekan, botjah-botjah paḍa ngelokaké: "Kok ora pati ḍoewoer!"

Botjah-botjah noeli paḍa moenggah, kepéngin weroeh roepané ing ḍoewoer. Ing kono ana senṭongané sawetara, sarta ana ségogané tjilik-tjilik; watoené ija dioekir-oekir betjik.