Kaca:Kidung Megatruh.pdf/10

Kaca iki durung katitiwaca

ngomong maneh sawise ngematake fotone Andi neng HP- ne Doni. Aku rumangsa salah ora iso ngawasi pasrawungane Andi.

Sawise Andi kenal karo bocah-bocah band, dheweke kerep lunga, pamite arep nggrap tugas. Ora nyana yen satemene Andi mung nongkrong karo kanca-kancane. Atiku penasaran karo lungane dheweke. Banjur aku ngetutake Andi. Beja dheweke ora krasa yen tak tutake. Andi mandheg neng ngarep omah suwung cedhak omahe Doni. Ning kana, kancane wis pada ngenteni. Aku ndelik neng njero warung, ngindik apa sing dilakoni Andi lan kancane. Aku ngelus dhadha sawise ndeleng dhewe Andi lan kanca- kancane padha ngudut lan ana sing lagi ngombe anggur. Aku ora nyana, 'Andising sejatine lugu bareng tepung karo bocah-bocah band dadi ndugal,

Ora krasa wis sesasi aku pindah neng Ngayogyakarta. Mesti papan kanggo refreshing wis tak ngerteni, kayata Ambarukma plaza, twenty one, Malioboro, lan liya-liyane. Saben Setu-Minggu aku karo Andi mesti lunga golek hiburan. Ananging awakku luwih kerep lunga neng Ambarukma Plaza, amarga kancaku duwe café ana kana. Aku seneng nongkrong neng rafe-ne Dodi karo kancaku sekolah. Aku, Andi, lan kanca-kanca lagi ngobrol, ana wong lanang nyela aku. “Ron, Ron,” Mripatku ngematake meja sing lete radaadoh seka mejaku. Wong lanang mau banjur nekani aku.

  1. Aku Rendi, kancamu dolan dhek neng Surabaya,”aku banjur

kelingan sawise dheweke nyebutke jenenge. Sadurunge, aku ora ngerti yen Rendi sekolah neng Yogya. Saploke ketemu Rendi, Andi kerep banget lunga bareng.

Kaya biyasane yen arep lunga, Andi nyilih mobilku. Dina iki dheweke pamit arep lunga karo Rendi, sajane aku diajak nanging sirahku mumet. Dadine aku milih ngaso neng omah. Ora lali sadurunge lunga, dheweke ijolan HP karo aku, dheweke gengsi yen nggaggo HP sing lawas. Embuh kepriye sipate Andi malik sawise tepung karo kanca-kancane Rendi. Dheweke saiki seneng nongkrong neng café , malah krungu-krungu Andi wis nduwe pacar_jenenge Ratih kancane Rendi. Aku durung tau tepung marang Ratih.

“Ron aku nyilih dhuwitmu seket ewu ya. Aku lagi bokek,” tembunge Andi sinambi maca sms, sajake saka pacare amarga katon raine sumringah, Dhuwit seket tak ulungake Andi, amarga telung sasi kepungkur akungyilih dhuwit Andi nalika aku lagi bokek. Aku rumangsa kepotangan.

“Ron, aku lunga dhisik, ya, neng pesta ulang taune Rendi,” pamite Andi. Kudune bengi kuwi aku lunga bareng dheweke neng omahe Rendi, Ananging tugasku akeh banget amarga sesuk kudu ditumpuk. Gelem ra