KIDUNG MEGATRUH
Lucin Indranila Dian Kristiani
Esuk iki arep mangkat sekolah rasane kok wegah. Kanthi aras- arasen aku neng kulah raup. Neng njero kamar ngilo, gandrik! Mripat kok katon mbendhul gek semu ireng. Ah, mau bengi aku padu maneh karo ibuku, lan kaya adat saben aku sing kalah. Nanging saiki ibu ngeplak raiku, njalariaku mlayu neng kamar lan nagis.
Wiwit cilik pancen ngono, angger mentas didukani mesthi ngundher neng kamar sing takkunci. Saka pamawasku sing saiki ibu kok kebangetan, adate ki ora tau sing jenenge ngeplak mula, rasane kok kelara- lara. Sawise nganggo seragam putih abu-abu, aku njupuk sarapan lan takpanganneng njero kamar.
“Wulan! Wisjam setengah pitu, ayo gek mangkat!”
Luweh, aku wegah sekolah, apa maneh yen nganti kanca-kanca meruhi mripatku sing mbendhul, mesthi tuwuh pitakon lan aku wegah mangsuli.
“Dinten menika kula wegah sekolah, Bu” wangsulanku nggondhok, kamangka aku ngerti, ibu ora bakal ngidini aku mbolos. Malah wiwit cilik, sanajan lara mesthi didhawuhi mlebu yen larane ora pati temenan, dadakan keprung ibu mbengok.
“Apa? Ora! Kowe kudu mlebu sekolah, apa ora mesakke ibumu sing nungsang njempalik golek ragad kanggo nyekolahke kowe? Ayo Wulan, lawange dibukak, Ibu areprembugan!”
Sawise bapak seda watara setahun kepungkur ibu dadi pokoking keluwarga, lan sing ngragadi sakabehing kebutuhanku, lan aku uga ngrumangsani yen ora samesthing tumindak mengkene karo ibu. Nanging apa ibu ora ngrumangsani, aku nganthi kaya ngene iki uga marga sikere ibu marangaku, Iha kok njaluk ngapura wae ora, njelehi!
“ Mboten ah Bu, tinimbang wonten kelas mboten serius aluwung mboten sah mangkat.” “ Lawange dibukak dhisik, Ibu arep rembugan. “ Aku tetep meneng, mung nyawang roti ing piring tanpa mingset saka lungguhku.”