Kaca:Kidung Megatruh.pdf/12

Kaca iki durung katitiwaca

mareni nyandu. Sekolaku neng Yogya kuwi salah sawijining rakadaya supaya aku mari, saora-orane aku adoh saka kanca-kanca sing pada nyandhu. Budi dayaku meh kasil. Telung sasi neng Yogya aku ora kumat maneh, ananing dumadakan kabeh mau buyar mau bengi. Aku ora nyana menawa mau bengi wedang tehku dicampuri narkoba karo Amir,” Andi ngudarasa.

“Ron, aku rasane pela teka neng pestane Rendi,” Grenenge Andi mbacutake.”Yo wis lah, rasah dipikir. Sing penting kowe sethithik mbaka sethithik kudu nyuda anggonmu nggelek narkoba,” pituturku marang Andi.

Andi janji yen arep nyuda narkoba lan golek kegiyatan kanggo ngisi wektu kosong. Saiki Andi sregep melu esksul, wektune akeh dientekke ana sekolah, Alhamdulilah wis telung dina Andi ora nggelek narkoba, yen ana masalah, Andi langsung curhat marang kanca-kancane. Saiki saben diajak lunga Rendi mesti ora gelem, ana wae alasane, Dadine saiki ora tau nongkrong maneh neng café. Aku rada lega, ananging kudu tetep waspada, Andidurung mari tenan,

Jumat kuwi Andi ora nduwe dhuwit, SPP-ne kudu dilunasi mingggu iki. Yen ora kertu ujiane disita wali kelas. Dheweke bingung banget. Aku ora isa nulungi amarga lagi bokek. Sirahe Andi samsaya mumet, karya tulise kudu ditumpuk Setu esuk. Amarga akeh pikiran penyakite Andi kumat. Dheweke mlayu neng omahe Rendi, biyasane Rendi nduwe stock obat akeh, Beja, Rendi ana neng omah. Amarga ora gablek ndhuwit Andi utang ndisik karo Rendi.

Neng njero kamar swasana panas banget, kaya bisane saben jam loro awan aku ngaso neng peturon. Durung nganti mak-ler dhadhaku seseg, ambeganku kempis-kempis, Penyakit asmaku kumat. Cilakane, oksigen lan obatku entek. Beja, Andi ujug-ujug teka. Aku banjur diplayokake neng Omah Sakit Sarjito. Aku diturokake neng UGD. Sakiwa tengenku akeh ubarampe medis, Dhadhaku ditempleki kabel-kabel, irungku dileboni selang cilik sing disambungke tabung, oksigen. Awakku rasane lara kabeh, saking ora kuwat ngempet lan ora dakngerteni wis pirang jam aku ora eling,

Sing dak rasakke awakku entheng banget lan kepenak. Kanca- kancaku pada ngrubung peturanku. Daksawang, aku ora kepengin mbagekake kanca-kanca sing pada nangis sesengrukan. Wektu kuwi sawijining priyayi nganggo sansang putiharan Dr. Bambang ngendika,

“Temanandasaudara Roni telah meninggal dunia”,

Aku rumangsa kepotangan budi marang Andi amarga dheweke