Kaca:Kidung Megatruh.pdf/15

Kaca iki durung katitiwaca

NIN

ing pawon malah bingung, “Ana apa ta, Nduk? Bengak-bengok kaya ing alas wae!” Aku pancen ora kandha marang wong tuwaku yen aku melu seleksi telung sasi kepungkur lewat Dinas Pendidikan Pemkot Wonosari. Meneng-meneng aku arep gawe kejutan, aku pancen kepengen wong tuwaku mongkog marang aku. Banjur aku crita yen aku lolos seleksi kuwi. Oranyana, simbokku malah langsung nangis.

“Walah, Nduk. Simbok bungah banget, Nduk. Pungkasane kowe dadi bocah pinter. sesuk mesthi kowenumpak motor mabur, ya!” Ujug-ujug simbok mlayu menyang kebon tela nemoni bapak kang lagi macul.

“Pak, anakmu, Pak!” Bapak mangsuli, “Anakku sing endi?” Simbok dadi menggeh-menggeh saking bungahe.

“Si Genduk arep numpak motor mabur. Arep kuliah ning Amerika.” Bapak langsung kaget, anggone macul mandeg lan ngulatake simbok. “Aku ora duwe dhuwit. Wis, to. Ora sah reka-reka. Kuliah ning Jogja wae yen kepengen kuliah.” wangsulane Bapak.

Aku krungu bapak malah nesu-nesu marang simbokku. Banjur aku kandha, “Mboten, Pak. Kula pikantuk beasiswa saking MIT University Amerika Serikat.” Bapak ujug-ujug nguncalke pacule, mlayu ngrangkul aku karonangis.

“Sing tenan. Ora ngapusi Bapakmu, ta Nduk?” Aku manthuk-manthuk karo mesem. “Kowe arep mlebu fakultas apa, Nduk?” bapak nyuwun pirsa.

“Kedhokteran kemawon, Pak. Kula kepingin dados dhokter supados saged ngobati Bapak kaliyan Simbok menawi masuk angin, he, he,” wangsulanku karongguyu.

Bapak lan simbok uga melu ngguyu. Sawise kuwi, wong tuwaku lan wong tuwane kanca-kancaku kang padha arep menyang MIT, duwe gagasan nganakake syukuran. Kabeh ngadini yen syukurane ngundang bocah-bocah saka Panti Asuhan Kartini. Acarane mangan bareng ing Restoran Sagan, Jogja. Sinambi mangan bebarengan, aku ngobrol karo kanca-kancaku sing arep mangkat barengaku menyang Amerika Serikat.

“Kanca-kanca, padha arep mlebu fakultas apa, ta?” pitakonku. “Aku psikologi wae, aku kepengen dadi psikolog. Nyinauni wong liya kuwi kepenak, Iho,” wangsulane Bayu.