Kaca:Kidung Megatruh.pdf/16

Kaca iki durung katitiwaca

ki

Dheweke pancen wis mantep dadi psikolog. Bakate kuwi wis ketok saka watake, sikape marang aku lan kanca-kanca. Bayu iku sensitif banget, mikir lan tumindak mesthi nganggo pangrasa. Ora tau waton omong utawa ngece kancane, Saliyane kuwi, dheweke duwe kawigaten kang gedhe banget karo sakiwa-tengene. Beda maneh karo Bejolan Suti.

“Lha kowe apa Sut?” pitakonku marang Suti. “Aku padha karo Bejo, njupuk fisika,” ujare Suti. Bocah loro kuwi ketampa ing fakultas fisika.

“Tris, sliramu apa?” Bayu takon marang Sutris. “Teknologi Informatika,” wangsulane sutris cekak banget. Dheweke ora seneng kumpul-kumpul, luwih seneng dhewekan. Sawise mangan bareng aku lan kanca-kancaku bali. Aku sakanca uga nyepakake paspor lan barang-barang kang prelu digawa sasi ngarep.

Saiki wektune mangkat sawise ngenteni sesasi. Aku sakanca wis tekan bandara Adi Sucipta jam pitu esuk, nanging montor mabure mangkat jam wolu seprapat. Wong tuwaku lan wong tuwane kanca-kancaku padha ngobrol. Aku sakanca uga padha omong-omong ing cedhak loket sinambi ngangkati barang sing arep dilebokake bagasi montor mabur.

“Surasane, aku sing paling pinter ing kene, amarga aku paling wasis fisika. Fisika kuwi angel lan mung bocah pinter wae kang bisa,” ujare Bejo. “Yo jelas, ta. Contone uga aku iki, Iho,” umuke Suti. Aku ora gelem kalah, banjuraku melu omong,

“Apa iya, Kowe padha ngerti ora yen gajine dhokter kuwi gedhe banget. Lha kuwi pratandha yen dadi dhokter iku luwih angel tinimbang dadi fisikawan. Dhokter uga akeh pengabdiane tinimbang fisikawan.”

Bayu banjur menehi panemune, “Yen miturut panemuku, kabeh kuwi duwe paedah lan karugiane,” Aku nyaut maneh, “Ya ora, ta. Dadi dhokter kuwi ora ana kerugiyane, Akeh banget mampangate. Dadi fisikawan kuwi lagi akeh rugine. Mung mbuwang-mbuwang wektu kanggo mikir sing abot-abot.”

Bayu ngandharake alesane, “Ora Nduk. Dhokter kuwi mengko arang duwe wektu karo kulawargane dhewe. Tanggung wangsulane uga gedhe banget.” Sutris ora gelem komentar, Bocah kuwi mung meneng wae. Buneg ngrungokake wong padha sulaya. Dheweke banjur lunga mlaku- mlaku cedhak kaca ruang tunggu nyawang, montor mabur kang lagi landing lan take off. Saking nggumune, nganthi mripate ora kedep lan cangkeme menga jembar kaya trowongan.