Kaca:Kidung Megatruh.pdf/21

Kaca iki durung katitiwaca

Ora adoh anggone mlaku, aku lan Bejo ketemu karo helikopter tim SAR. Aku ngawe-awe lan ditulungi. Banjur aku sakloron digawa menyang omah sakit kanggo pengobatan. Syukur marang Gusti, wusanane aku lan Bejo bisa slamet lan dikirim langsung menyang MIT University Amerika Serikat karo Presiden RI.

Aku lan sakabehing wong ora ngerti nasibe korban liyane. Bangke montor mabure uga ora ditemokake. Mung aku lan bejo sing kecathet slamet. Muga-muga kanca-kancaku uga slamet lan aku nyaguhi ora bakal crah meneh marang kanca-kancaku. Urip rukun kuwi gawe urip luwih kepenak.

Yessy Martha Sari, siswa SMA3, PADMANABA, Jalan Yos Sudarso 7, Yogyakarta.

Telepon (0274) 512856

Lair 9 Maret 1991. Alamat omah Badran ST 1/ 774, Yogyakarta. Telepon 081806836485.

Hobi: renang, maca, main game.