Kaca:Kidung Megatruh.pdf/22

Kaca iki durung katitiwaca

KERAMPOKAN

Rama Istriyani

Esuk iku, kaya biyasane, Bu Ning tangi jam lima. Ananging Pak Tomo, bojone Bu Ning, isih kepenak anggone turu. Ora watara suwe, Bu Ning nggugah bojone kang durung tangi kuwi.

“Pak, mbok ya tangi! Sholat subuh dhisik!” tuture Bu Ning mrentah. Ora mangsuli apa-apa, Pak Tomo terus tangi lan sholat subuh. DeneBu Ning nggugah aak-anake.

“Cah, ayo padha tangi. Wisjamlima. Gek ndang sholatsubuh!”

Mangkono akone Bu Ning, Wiwin lan Agus ngucek-ucek mripate amarga isih aras-arasen lan ngantuk, Nanging, ora let suwe Wiwin lan Agus gage tangi, sabanjure sholat subuh jama'ah wong loro. Wiwin iku anake wedok Pak Tomo sing mbarep. Saiki wis kelas loro SMA. Dene Agus putra ragil lan saiki wis kelas siji SMP. Sawise bocah-bocah padha tangi, Bu Ning banjur nandangi gaweyane ing pawon gawe sarapan kanggo putra-putrane sadurunge menyang sekolah.

Ora kaya biyasane, sawise sholat Pak Tomo malah mapan turu maneh. Sajake lagi ora kepenak awake, Ngerteni bojone malah turu maneh, BuNing takon marang garwane iku.

“Jenengan ki ngapa ta, Pak? Mbok apa perlune, Makani pitik- pitike kaelho! Kok malahturu meneh!”

“Awakku ki gek ora kepenekje, Bu. Rasane pating greges kae.

Ora menyang mulang sikik kepiyeya, Bu?”

“Masuk angin napa, Pak?

“Mbuh iiki, kayane panceniya.”

“Mulane, yen adus aja tuman wengi-wengi! Ya wis turu maneh! Aku tak menyang pasar dhisik.”

Pak Tomo turu maneh, DeneBu Ning banjur tata-tata anggone arep lunga menyang pasar. Sawise rampung tata-tata lan gawe sarapan, BuNing tumuju pasar numpak pit onthel karo nyangking tas blanja kang rada gedhe. Ananging sadurunge menyang pasar Bu Ning pamit karo garwa lan putra- putrane.

“Pak...aku menyang dhisik. Nok, Le,...aja lali piringe diasahi!”Bu Ning banjur senthawing lunga.