Kaca:Kidung Megatruh.pdf/23

Kaca iki durung katitiwaca

A

Tekaning pasar, Bu Ning nyelehake pit onthele ing parkiran sandhing pasar. Bu Ning langsung tuku kebutuhan masak. Ndilalah, Bu Ning ketemu karo Bu Sri, garwane Pak Budi. Pak Budi iku kancane Pak Tomoing koperasi. Padha dene anggota koperasi simpan pinjam. Wong loro nuli padha aruh-aruhan.

“Bu Ning, njenengan nggih blanja, ta?” aruhe Bu Sri.“Nggih, niki. Jenengan blanja napa ta, Bu?””Blanja tempe kaliyan jajan pasar.”“Kok kathah sanget, ajeng kangge napa, Bu?”“Kangge yasinan niku lho, Bu.”Bu Ning mung meneng wae banjur ngrewangi Bu Sri anggonenata blanjanane.

“Oo..injih, Pak Tomo sampun mendhet SHU dereng nggih, Bu?” pitakone Bu Sri sajak ngelingke. “SHU napa ta, Bu? Kok kula boten miring, nggih, babagan pembagian SHU. Sajake dereng. Pun seminggu bapake boten tindak dateng koperasi. Anu, margi kathah damelan wonten sabin. Pak Budisampun mendhet, Bu?”

“Sampun kawit winginane, Bu.”

“Angsale pinten?”

“Yen boten klentu kawan atusewu, Bu.”

“Ngantos dinten napa nggih, Bu? Kok kula boten miring babar blas.”

“Sanjange Bapake wingi nika ngantos dinten niki, nanging yen

boten klentu lho, Bu.

Nggih pun, kula ngrumiyini.”

“Nggih, dherekke.”

Bu Sri banjur ndhisiki. Dene Bu Ning isih golek janganan. Pasare sesak banget. Rebutan dalan. Suk-sukan. Akeh banget wong kang padha blanja. Mula Bu Ning golek panggonan kang mada sepi. Kepeneran ana kang sepi, banjur Bu Ning takon regane.

“Bayeme regine pinten sauntinge?” Bu Ning takon. “Menika gangsalatus, Bu.”“Boten angsal kirang napa, Bu?” “Boten tawi, Bu.”Bu Ning langsung wae nyelehake bayem iku lan nerusake milih-milih janganan liyane.

“Menawa sawine pinten niki?”

“Niku pitungatus.”

“Kok larang, Bu?”

“Reginenggih pancen sementenje, Bu.”

Bu Ning milih-milih janganan liyane sing mada apik. Sidane Bu Ning tuku bayem kang dienyang iku mau.