Kaca:Kidung Megatruh.pdf/24

Kaca iki durung katitiwaca

“Nggih, bayemeniku mawon!”

“Pintenunting, Bu?”

“Kaleh unting mawon,” Sing dodol terus madhahake bayem kang, dipilih Bu Ning. Ing omah, Pak Tomo isih ngamar. Ngerteni kaya ngono, Bu Ning age-age nggugah bojone.

“Pak, tangi!”

“Ana apata, Bu? Koksuwe banget, Bu?

“Lha pasare kebak, dadine suwe. Pak, njenengan ki wis njupuk SHU durung?”“SHU apa, Bu? Aku ora krungu yen ana dum-duman SHU, Sing ngandhani sapa?”“Wau gek neng pasar aku ketemu karo Bu Sri, garwane Pak Budi kae Iho. Dheweke kandha yen ana pembagian SHU. Pak Budi wis njupuk wingenane, Lokete mung ngladeni mung tekan dina iki.” “Saiki jam pira, Bu?”“Jam setengah sanga.”Pak Tomo age-age arep menyang koperasi, sanajan awake mada ora kepenak lan aras-arasen. Bu Ning mada kuwatir.

“Njenengan ki kok kesusu, ta? Mbok mengko dhisik, ngombe- ngombewedang anget. Jarene awake mada ra kepenak.”“Saiki dina Jumat, ta? Koperasi iku bukake mung tekan jam sepuluh, Dadi kudu gasik. Aku mangkat dhisik ya, Bu?” pamite Pak Tomo nggeblas marani montore.

“Ya wis, ati-ati neng dalan ya, Pak,” Bu Ning ngelingke bojone singditresnani iku. Lakune Pak Tomo menyang koperasi nganggo pitmontor sing lagi wae dituku enem sasi kepungkur kanthi Cash utawa lunas. Mangkono nek dheweke crita sejarahe montor iku marang tangga- tanggane.

Tekan koperasi, jebule bener apa kang angen-angenke Pak Tomo pas ana dalan, Swasanane rame banget, Pak Tomo antri, oleh jatah mburi dhewe. Penguruse ubeg ngladeni wong-wong kang arep jupuk SHU. Neng kono, Sajroning antri, Pak Tomo ketemu karo Pak Wajiman, kancane nyambut gawe.

“Mendhet SHU, Pak?” Pak Wajiman ndhisiki takon sinambi mundur, “Inggih niki, Pak. Njenengan sampun mendhet?” “Ooo. sampun,” wangsulane Pak Wajiman sisan nggawa amplop warna putih lan sabanjure melu lungguh ing sandhinge Pak Tomo,

Pancen, kadingaren koperasi dina kuwi rame banget. Biyasane dina jumat kaya iku paling-paling mung wong telu utawa papat sing mara, Nanging swasanane pancen semrawut, Pak Tomo katon bingung. Wis sawetara suwene ananging dheweke durung ditimbali.