Kaca:Kidung Megatruh.pdf/26

Kaca iki durung katitiwaca

Pak Tomo banjur maju menyang loket. Ing kono penguruse wis ngadhep buku data anggota koperasi simpan pinjam. Penguruse ngulungke tangan njaluk kartu tandha anggota koperasi duweke Pak Tomo. Pak Tomo ngrogoh gembolane. Nanging kok ora tinemu. Pak Tomo dadi bingung. Pak Tomolagi kelingan menawa kertune keri ing meja ruang tamu

“Mbak, kartu kula kantun teng griya. Yen kula mendhet riyin taksih kanthi boten?” “Lha koperasine ajeng tutup niku, Pak,” wangsulane penguruse koperasi.”Namumg sekedhap, Mbak, Ditengga riyin nggih!” panjalukke Pak Tomo.

Penguruse rada mangkel marga Pak Tomo malah ngrepoti lan nyuwen-nyuweni. Ewa semono, penguruse kepeksa tetep saguh ngenteni sanajan karo mbesengut. Pak Tomo gage mulih njupuk kertu anggotane sing keri ing ruang tamu. Pak Tomongebut. Bareng wis tekan ngomah, Pak Tomo kesusu nggoleki kartune ing ruang tamu. Rumangsa ganjil anggone ndelengake lakune Pak Tomo, Bu Ning banjur nakoni.

“Njenengan niku napa ta, Pak, kok katon bingung, kesusu? Sakjane nggoleki apa ta? Pripun, SHU-ne?”Pak Tomo mung meneng wae ora ngrewes pitakone bojone mung ubeg nggoleki kertu anggotane.

“Njenengan ki sakjane nggoleki apa, Pak? Entuk dhuwit kok malah bingung!”“Wis ta,Bu. Aku lagi nggoleki kertu anggota koperasi sing dakdekekake nang ndhuwur meja tamu. Ning kok ra ana. Kowe weruh ora, Bu?”“Oalah nggoleki iku ta? Kartune daksimpen ing lemari.” “Gek ndang dijupukke, Bu, Wektune mepetbanget, ki!”

Tanpa takon, Bu Ning banjur njupukake kartu koperasi kang disimpen ing lemari jatine. Bareng wis ketemu banjur diwenehke marang, Pak Tomo. Pak Tomo gage menyang koperasi maneh amarga kuwatir yen koperasine tutup. Tekane koperasi, jebul isih bukak. Pak Tomo langsung ngulungake kertune marang pengurus koperasi.

“Niki, Mbak,” omonge Pak Tomo menggos-menggos. Penguruse banjur nyathet jenenge Pak Tomo ing buku data anggota koperasi lan terus menehake amplop putih sing isine dhuwit SHU. Bareng wis nampa SHU-ne, Pak Tomo dadi ayem lan lali karo rasa kesele. Dene wis rampung anggone ngurus SHU, Pak Tomo banjur mulih, Pak Tomo njupuk motore kang diselehakeing ngarep kantor koperasi. Motor ditumpaki. Mbhruuuungg...

Ora nggraita apa-apa, ing dalan Pak Tomo dicegat sawijining wong lanang. Pawakanerada enom, kira-kira umur wolulikuran. Wong iku njaluk tulung diterke menyang omahe sedulure.