Kaca:Kidung Megatruh.pdf/29

Kaca iki durung katitiwaca

TUMINDAK KANG BECIK Tofan Santoso

Toi, anak soleh sing ngabekti marang wong tuwa lan sregep, uga seneng tetulung marang wong liya. Toi duwe kakang jenenge Harry sing kuliah semester enem, Fakultas Hukum. Toi dhewe isih SMA kelas telu. Bapake ora nyambut gawe lan ibune bukak warung ana omah. Keluwarga iki uripe mung saanane.

Dina Minggu awan Toi dipasrahi ibune kon nunggu warung amarga Ibu lan Bapakne arep tilik wong lara. Mas Harry lagi ana kompetisi bal-balan neng lapangan Sinduadi, dadi ora isa nunggu warung,

“Ora rame kaya wingi pas tak tunggu. Njuk kon ngapa iki?” pangucapane sebah. Saka kidul katon Ali mara menyang warung.

“1, tuku ndokke sekilo karo bakmine loro.”

“Arep ngemi, po? Ndokke sekilo kok bakmine mung loro,” pitakone Toi karo njupukke barang sing arep dituku. “Ho... 0, Ha ming aku sing mangan. Ndokke dienggo masak ibuku sesuk-esuk.”

Sawise didoli, Ali banjur lunga bali. Warung dadi sepi maneh, Toi dadi nglanggut maneh. Warung ditinggal dolanan komputer ning njero kamar. Mengkonek ana wong tuku lak ya bengok-bengok, pikire Toi. Ora let suweana wong bengak-bengok.

“L.. Toi...Tol.” “Sekedap, Bu,” wangsulane Toi. “Tumbas napa?””Ana obat bodrek, Le?” pitakone Bu Wiwit Kula padoskerumiyen.”

Wadhah obatdiabul-abul ning ora ketemu. Bu Wiwit banjur lunga. Toi bali mlebu omah maneh neruske dolanan komputer. Wis sakjam luwih Toi dolanan komputer rasane wis bosen. Dheweke dadi ngantuk, banjur keturon nganti magrib, Mripate melek sithik-sithik karo angop, lampu kamare wis murup lan_jendela kamare wis ditutup. Toi banjur ngadeg mlaku menyang kamar mandi.

“Wis tangi, 1?” pitakone ibu alus sinambi nutup warung, “E... Ibu. Kapan kondur?” “Wis kawit mau. Tak delok kowe wis turu, yo wis tak nengke wae.”“Ha mboten wonten sing tumbas, Kula tilem mawon. Karepe sekedap nanging kebablasan.”