Kaca:Kidung Megatruh.pdf/33

Kaca iki durung katitiwaca

WOH DHONDHONG PINDHANE Nafra Faila Luvi Murchelina

Iki patrape wong semugih. Wong kang ora kena kesenggol barang darbeke, disemayani wae nesu. Angger dijaluki sumbangan methithil gothil. Status duda, umure udakara 76 taun, wis tuwa nanging isih pethakilan.

Ana unen-unen “gaplek pringkilane” yaiku wong wis tuwek pethakilan. Ujare pengen rabi maneh, nanging ora bisa ngopeni anak bojone sing mbok tuwa. Rabi kaping telu, sing nomer siji anank-anak sedosin mati sanga, kaping pindho gabuk ora duwe keturunan lan sing kaping telu anak- anak cacahe papat ndhilalahe pekok-pekok kabeh. Iki isih mbahku dhewe, sanajan mbahku dhewe ora isa kena kanggo patuladhan marang putune.Dina minggu awan ana wong njaluk sumbangan marang mbah Noyo.

“Mbah, kula nyuwun sumbangan kangge ndandosi sumur umum ingkang simbah ndherek ngangge,” panjaluke Bu Sarti. “Ora ndhuwe dhit, dodol ora payu!” swarane mbah Noyo nggugah wong turu awan. Wusana sing njaluk sumbangan bali, nggonduk.

“Wah, Mbah Noyo kae angger dijaluki sumbangan ora tau ngenei mung malah ngethak-ngethak. Aku dadi kagol njaluk maneh,” pituture Bu Sarti melas marang wong liya.” Alah kowe kan wis ngerti dhewe watakke Mbah Noyo kaya ngono kok isih mbok jalukki. Kan mantune wis weling nek anasumbangan apa-apa njaluk karo dhekne wae,” wangsulane Bu Atun.

“Oiyoyoakulali. Yo wis saiki aku tak neng omahe Bu Tinah wae.”

Mbah Noyo iki wong tuwa sing ora ngerti piye carane nggedhekke anak, mung waton duwe anak akeh. Anakke mung dipakani sak anane waton wareg, nek lara dinengke wae lan masalah sekolah ora tau diurus. Urusan sandhangan mesthi ngamuk-ngamuk. Karepe anakke kon nggoleke dhewe-dhewe kabeh.

“Pak, kula tumbaske klambi nggeh,” panjulukke Sarto.

“Klambi akeh-akeh ki nggo opa? Mbok kowe ki nek pengen apa- apa nggolek dhuwit dhewe. "Sarto banjur meneng sawise diwangsuli ngono lan nglayapembuh nang ngendi.

Rebo awan bali dodol, Mbah Noyo bengak-bengok sambat lara. Ndhilalahe nang omah ora ana anakke, dheweke tambah nesu lan misuh-