Kaca:Kidung Megatruh.pdf/34

Kaca iki durung katitiwaca

misuh,

“Iyung alah iyung awak kok koyo ngene, wis dodol ya ora payu,” sambate Mbah Noyo. Mbah Noyo bengak-bengok ngundang lan nggoleki Sarto, nanging ora ketemu. Mbah Noyo tambah ngamuk, banjur mbah Noyo takon marang mantune kang omahe ana ing jejere. Nanging mantune ya ora ngerti.

Limang menit sawise Sarto tekan liwat ngarep omahku karo ngombe es. Bapakne weruh Sarto ngamuk-ngamuk. Sarto ya mung bisaa wae, sajakke wis lumrah pendhak dina diamuk-amuk. Aku lan ibuku ngguyundhelengke tingkahe Sarto sing ngguya-ngguyu diamuk bapakne.

Keluwargaku lan tangga teparo wis ora gumun yen Mbah Noyo bengak-bengok utawa ngamuk-ngamuk. Yo wis dasare wong tuwa, sipate malih maneh kaya bocah. Karepe kudu diladeni nek ora pangamuke kaya bocahcilik sing ora keturutan panjaluke.

Wis seminggu Mbah Noyo ora isa tangi lan sambat lara. Awake adem panas, watuk-watuk lan mutah getih. Keluwargaku bingung, sakmenika dudu sing pertamane nanging jenenge sedulur lara ya kepikiran. Mbah Noyo kerep lara sesasine wae isa diitung, Ya pancen wis tuwa, nanging larane saiki luwih nemen, Mbah Noyo paling ora bisa ora nyedhot pipane sedina wae. Ngendhikane dhokter kon nglereni rokoke nanging ngeyel.

Durung mari seka larane, bojo enome Mbah Noyo teka. Arepe mbah Noyo lara nanging Mbah Ngapiyah ora ngapa-ngapa, ora gelem ngrumat utawa ngladeni. Dheweke mung seneng karo badhane Mbah Noyo, nanging Mbah Noyo tetep seneng. Nganti warisane Mbah Noyo didol kanggo nukokake omaha. Sing ngrawat malah anak saka bojo tuwa. Nunggoni karo ngladeni Mbah Noyo nganti Bapakku ora isa turu amarga Mbah Noyosithik-sithik sambat lara, Angger Bapakku menyat sedilit, Mbah Ngapiyah mesti ngundang.

“Mur...Mur bapakmu kae arep ngapa, Kowe diundang!” celuke mbah Ngapiyah. Pak Mursi ora semaur mung waton nyeraki mbah Noyo.

“Badhe menapa, Pak?” pitakone Pak Mursi, “Akuarepnang pekiwan.” “Nggeh, mangga kulo bopong.”

Pak Mursi banjur mbopong Mbah Noyo menyang pekiwan. Bali saka pekiawan, Pak Mursi ndekekake mbah Noyo ana ing peturune maneh.