Kaca:Kidung Megatruh.pdf/36

Kaca iki durung katitiwaca

Satekane omah sakit, Mbah Noyo langsung digawa ana ing ICU, kahanane wis nemen. Bu Tinah lan Sarto ngenteni ora jenjem, Pak Hadi sing ngeterke mau nyoba ngleremke.

Wis sakjam ngenteni, wusana dhokter sing nangani mbah Noyo metu. Dhoktere ngomong yen Mbah Noyo nandang komplikasi. Paru- parune rusak, nganti dipansangi oksigen. Kadar gulane dhuwur lan darah tinggi. Mbah Noyo telat digawa nang omah sakit, marakake saiki kritis. Bu Tinah sing diandani ngono banjur nangis, Sarto mung meneng, Pak Hadi ya ngrasakke.

“Terus salajangipun kados pundi, Pak Dhokter?” pitakone Bu Tinah karo nangis.“Nggeh Bapake tetep teng ruang ICU ngantos kondisinipun stabil,” wangsulane Pak Dhokter.

“Kira-kira kapan sadare?” “Kula nggeh mboten ngertos gumantung Bapake, saged nglawan laranemboten. Nggeh donga mawon, Bu,” dhokter njlentrehake.

Wis limang dina mbah Noyo nang rumah sakit.Neng njaba kamare Mbah Noyo, Pak Mursi, Bu Tinah, lan Sarto rembugan masalah ragad omah sakit. Limang dina mondok ragade wis pede apa maneh yen tambah dina, saya akeh dhuwite. Celengane Pak Mursi lan Bu Tinah ora nyandak, soale dinggo ngragadi anake loro sing isih sekolah, Sarto yo ora duwe dhuwit, yen arep njaluk langsung karo Mbah Noyo wedi nek Mbah Noyo munggah maneh darah tinggine.

“Piye niki Mbah ragade?” pitakone Sarto marang Bu Tinah. “Aku ya bingung, To. Celenganku ora tekan nganti semono, kae wae dinggo mbayar sekolah cah loro. Aku ngenei paling ya ora ana setengahe banjur piyeiki, Pak?” wangsulane Bu Tinah lan takon marang Pak Mursi.

“Bapak ya mumet, Bu. Arep ngutang nang ngendi gedhene sakmono. Ya janjane ana nanging apa sing arep dipadekke,” wangsulane Pak Mursi. “Piye yen surat-surat?” panemune Sarto

.Pak Mursi lan Bu Tinah pandeng-pandengan, kaget apa sing diomongke Sarto. Pak Mursi lan Bu Tinah meneng lan mikirake omongane Sarto. Wusana usulane Sarto mau diiyoi. Omahe digadekke, Sarto lan mbah Noyo manggon ning omahe Pak Mursi.

Dina Setu sore sesuk mbah Noyo isa bali, dadi dina iki ngrampungake administrasi lan nebus obat jalan. Saiki Mbah Noyo wis iso bali. Adminitrasi wis beres lan obat jalan wis ditebus, Sadurunge bali,