Kaca:Kidung Megatruh.pdf/38

Kaca iki durung katitiwaca

PITULAS TAUN

Febrina Widhihapsari

“Ras, kapan kowe duwe pacar?” pitakone Nindya nalika lagi ngaso. Aku sing lagi mangan bakso, keselek kerungu pitakonan kuwi. Mripatku mendelik, nyawang Nindya lan Ayu kangana ing sandhinge.

“Nin, kowe takon kaya ngono kuwi, duwe karep apa?” aku genti takon. “Mergane kowe dhewe sing durung duwe pacar,” celathune Nindya." Ya piye, ya. Ibuku durung marengake aku pacaran, merga aku isih cilik.” “Isih cilik piya, ta?” clathune Ayu, “kowe iki wis kelas 2SMA, lagi wae ulang taun kang kaping 17. Kuwi tegese kowe wis gedhe, Raras!”

“Lha, Ibumu ndeso, pa. Kaya ora tau enom wae,” ujare Nindya. “Mbok kowe iki ora nyalahke Ibuku. Aku ya pancen durung

gelem duwe pacar. Apa ana cah lanang sing gelem karo aku?” pitakonku karo mesem.

“Ras, koweikiayu, pinter, lanapikan wonge. Kurang apa meneh? Akeh sing kesengsem karo kowe mung kowe wae sing ora sadar,” wangsulane Nindya.” Kae, lho... Bima seneng karo kowe, apa meneh Danu, kakak kelase dhewe kang kesengsem karo kowe wiwit biyen,” ujare Ayu.

Bel muni. Bocah-bocah padha bubar saka kantin. “Wis! Aja dibahas meneh!” wangsulanku karo mlaku ninggalke Nindya lan Ayu.Bali sekolah, aku banjur mlebu kamar. Aku teturon ning peturon. Mripatku nrawang. Aku dadi mikirke omongane Ayu lan Nindya mau.

“Apa enake duwe pacar?” pitakonku sajroning ati. Aku durung tau. Kok aku dadi kepingin duwe pacar. Aku ya isin karo Ayu lan Nindya amarga aku dhewe kang durung dewe pacar. Saben ngumpul bareng kanca- kanca aku teka dhewean ora kaya Ayu lan Nindya sing teka karo pacare. Aku malah dadi “obatnyamuk”.

Tak pikir-pikir... aku ya wis kelas2SMA, wis gedhe, wis wektune duwepacar... Ning Ibu durung marengake pacaran, Ibuku wis wanti-wanti. “Duh, Ibu...Ibu... aku iki wis gedhe, Bu. Dudu bocah cilik meneh. Aku pengen pacaran,” mangkono isining atiku kang ora bisa dakaturake marang Ibu.

Atiku rasane ora karuwan. Aku molak-malik awakku dhewe. Aku dadi kelingan karo Danu sing wis bola-bali “nembak” aku, nanging aku