Kaca:Kidung Megatruh.pdf/39

Kaca iki durung katitiwaca

ora bisanampa mergane umurku isih cilik. Jarene dheweke isih ngenteni aku nganti umurku 17 taun, Ujug-ujug ibuku mlebu kamarku,

“Ras, ana telpon kanggo kowe.”

“Telpon? Saking sinten, Bu?” Pintakonku” “Ora ngerti. Ibu lali takon. Ning saka suarane kuwi cah lanang.” “Sinten, nggih?” pitakonku karo ngukursirahku sing ora gatel.

Aku ngangkat telpon kuwi. Jebul saka Danu. Rasane atiku ora karuan. Deg-degan. Durung tau aku ngrasa kaya ngene. Beda banget, Dheweke takon kabarku.

“Ras, kowe pelem lunga karo aku?” pitakone Danu ning telpon.

“Aku?” rasaneaku ora ngandel menawa Danu takon kaya ngono, “lunga nang endi?”“Mlaku-mlaku ning Ambarukmo Plaza. Gelem ora?” Tanpa mikir dawa aku nyaguhi pangajake Danu. Aku ora percaya yen aku arep lunga karo Danu ing malem Minggu, “Kencan”. Atiku dadi ora karuwanrasane sanajan kaselip rasa seneng,

“Aduh, cah ayu. Wis duwe pacar, ta?” pitakone ibu guyon.” Ah, Ibu niki... Raras dereng gadhah pacar! Ibu dereng marengaken padhah pacar?”“Nduk, Ibu kuwi orang pareng kuwi, ora. Ning Ibu durung percaya karo kowe, Nduk!”

“Ibu niki kepripun, ta. Kok dereng percaya kalih Raras. Raras niku sampun ageng sampun 17 taun.” “Lha, sambunge apa antarane 17 taun karo pacaran?” “Tegese, Raras sampun ageng. Dados Raras niku kedahipun sampun angsal gadhah pacar, Rencang-rencang Raras sampun gadhah pacar piyambah-piyambak.”

Ibu banjur unjal ambegan dawa. “Tbu ngerti, Raras... Ning kowe durung pantes... Kowe surung ngerti apa-apa, Nduk.”“Menawi Raras dereng ngertos napa-napa, menapa Ibu tetep mboten marengaken Raras pacaran?”

“Ya wis lah! Yen kuwi karepmu... Ibu ora ngerti arep ngomong apa meneh. Pancen kowe kuwi wis gedhe... Dudu cah cilik, anake Ibu sing manutan meneh. Ning kowe kudu ati-ati, Nduk. Kowe kuwi cah wedok, kudu bisa njaga awakmu dhewe. Ibu percaya karo kowe yen pancen kowe bisa njaga kapercayane Ibu.””Inggih, Bu. Raras ngertos punapa ingkang kedah Raras lampahi,” wangsulanku karo mesem ngguyu.

Bengi iki Danu netepi janjine. Sadurunge lunga, Danu tak kenalke karolbu lan Bapak supaya Ibu lan Bapak ora kuwatir.