Kaca:Kidung Megatruh.pdf/40

Kaca iki durung katitiwaca

Danu bocahe pangerten banget. Aku malah dadi ora kepenak atine mergane Danu apikan banget. Aku lan Danu saya cedhak, lampu ijo saka ibu mbukake dalan kanggosesambunganku karo Danu. Danu isih terus nyedaki aku. Danu jujur menawa dheweke seneng karo aku. Semono uga aku nanggepi dheweke.

Sesambunganku karo Danu wis lumaku pirang-pirang sasi. Aku wis ngrasakakeapa sing diarani pacaran, Jebulane, rasane kaya ngeneiki to? Legi, sepet...wah maneka warna wis... dadi siji. Danu menehi ali-lai, kalung, klambi, lan sapiturute, nanging sasuwene iki aku ora tau njaluk apa- apa karo dheweke.

Aku dadi ora kepenak karo Danu. Aku dadi pengin nuruti apa wae kang disedya dening Danu. Apa wae gelem daklakoni kanggo Danu ras lan gobloke aku. Aku gelem diajak Danu lunga menyang sawijining hotel, nginep sewengi, lan nglakoni sesambungan kaya wong sing wis bebojoan. Esuke, aku lagi eling, Aku tangi ana ing peturon hotel lan aku wisora nganggo klambi. Kabeh sandhangan wis ucul saka awakku.


Gusti, apa sing wis tak tindakke? Goblok! Aku ora perawan meneh. Gusti, neng endi Danu? Kok ora ana? Kurang ajar! Ora tanggung jawab. Sakkepenake dhewe ninggalkeaku kaya ngene. Lara atiku.

Aku meneng wae karo wong tuwaku. Aku wedi nyeritake iki kabeh. Ibu mesti kuciwa karo aku. Aku wis ngrusak kapercayane Ibu. Bodho! Saiki aku mung bisa nyalahke awakku dhewe. Sakjaneaku kudu bisa njaga ben ora nganti kebablasan kaya ngene. Saiki wis kaya ngene keadaanne. Aku ora bisa apa-apa meneh. Keperawanan kuwi ora bisa balik meneh.

Kedadean iki nggawe aku ora serius meneh karo pelajaranku. Apa meneh wis arep ujian unggah-unggahan kelas, Duh, duh, Gusti. Aku sedhih, Danu ora tanggung jawab. Aku lagi sadhar yen Danu sengaja ngrancang iki kabeh sawise Ujian Nasional, Lan saiki aku ora ngerti Danu ana nangendi. Mergane dheweke wis lulus saka SMA lan aku ora ngerti arep nerusake kuliah nang endi. Kanca-kancane ya padha ora ngerti. Aku mung bisa nggetuni. Aku nangis sajroning kamar mandi karo nggrujugi awakku nganggobanyu. Aku kuciwa karo Danu. Jebule wongeora bisa dipercaya.

“Tegel-tegele kowe nglakoke iki karo aku. Kowe iki ora duwe ati!” tangisku sesenggukan. Aku dadi kelingan karo ibu, pancen bener ngendikane ibu. Aku iki isih cilik, durung ngerti apa-apa. Pindhaneaku kaya piyik sing isih cilik lan selak kepingin ajar mabur, Ning aku percaya nek aku bisa, kemangka aku durung bisa nggolek pangan dhewe. Aku nekat lan kaya