Kaca:Kidung Megatruh.pdf/42

Kaca iki durung katitiwaca

wis ora bener! Apa meneh wong sing mbok sebut pacar kuwi...sapa? Danu?” Aku manthuk-manthuk, mangsuli Bapak. Luhku netes. Mrebes mili.

“Wis! Ben Raras ngandut anake, ben wae ora ana Bapake. ..Iki tanggung wangsulane...kudu ditanggung. Kajaba yen Danu arep tanggung jawab!” ibu banjur mlebu kamar. Aku ndeleng ibu muwun karu terus ngusapluhe.

Rasane mokal yen Danu arep tanggung jawab. Danu kowe nang ngendi saiki? Kowe ngerti ora yen aku meteng anakmu. Kowe kok ngene ta? Tega-tegane ninggal lunga aku. Mangkono pangresulaning atiku ora ana wusanane.

Sawise pirang-pirang dina, Bapak lan Ibu wis rada lerem dukane. Kawigatene Ibu lan Bapak saya luwih kanggo aku. Nalika unggah- unggahan kelas, aku metu saka sekolahan. Kabeh adminidtrasi diurus Bapak. Aku wis ora bisa neruske sekolah meneh. Setaun nang SMA dakculke.

Guru-guru padha geger kerungu aku metu saka sekolahan amarga meteng. Aku iki salah sijining murid sing pinter. Unggah-unggahan wingi aku entuk peringkat siji nang kelas. Ning predikat kuwi wis ora tak gegem maneh saiki. Aku dudu bocah sing ketoke apik. Kabeh Guru wis ngerti kabeh yen aku iki meteng. Ning guru-guru kudu njaga rahasia iki ben kanca-kancaku ora ngerti. Njaga jeneng apikku lan keluwargaku.

Kabeh guru sing tak takoni padha ora ngerti Danu kuliah nang ngendi. Yen aku ngerti, aku kudu nggoleki. Ning, Danu ora ngerti nang ngendi saiki. Aku kuciwa. Danu kaya ngilang ambles bumi.

Gusti kagungan rencana liya kanggo aku. Aku kudu ngrumat anakiki dhewekan. Aku kudu ngati-ati ngrumat kesehatan kandutanku sing saya gedhe. Aku wis ora mikirke meneh ana nang ngendi bapake jabang bayi iki. Benaku ora mundak lara ati, yen kelingan.

Umurku pancen wis 17 taun, ning sejatine aku durung bisa dadi wong sing diwasa. Dideleng saka umur pancen aku wis gedhe, nanging pikiranku? Aku durung bisa mikir apa sing apik kanggo aku, isih sakepenakedhewe.

“Wis 9 sasi. Mung ngenteni dinane,” ature dhokter nalika aku mriksakake kandutanku. Saiki aku wis ora mikirke awakku dhewe,. Sing dakpikirke mung jabang bayi kang bakal lair lan piye uripku mengko. Kari ngetung dinane. Aku wis arep dadi ibu lan kudu siap. Aku sing bakal