Kaca:Kidung Megatruh.pdf/43

Kaca iki durung katitiwaca

ngrumat anakku dhewekan. Ora mikir maneh sapa Bapake. Sing, penting anakku mengko bisa urip seneng. Tekan dina babaran. Anakku lanang. Lair Normal. Rasaneaku seneng bangetdadi wong sing paling bungah saiki.

“Sapajenenge?” pitakone Bapakku. “Raditya,” wangsulanku.

“Duwe maksud apa kuwi jenenge?” pitakone bapak. “Raditya menika tegesipun srengenge. Ing pangajab, lare menika sageda dados srengengeing salebeting keluwarga. Tetep ngatonakesn sunar ingkang sae,” wangsulanku karo nggendong Raditya.

“Nduk, Ibu seneng karo kowe. Kowe bisa ngadepi sakabehing lelakonmu sanajan umurmu sing isih enom. Kowe bisa ngrumat anakmu dhewelan bisa tanggung jawab karo dalan uripmu sing wis mbok gawe iki. Nalika kowe durung diwasa, kowe kudu ngerti nek diwasa kuwi ora didelok saka umure, nanging saka solah bawane. Ya kaya ngene iki kowe wis mbuktekakenek kowe wis dewasa,” celathune ibu.

Aku seneng krungu Ibu ngendika mangkono. Aku janji bakal njaga Bayu supaya dadi wong lanang sing tanggung jawab lan bisa njaga aku, Ibune. Ora kaya Danu, Bapake sing kurang ajar lan ora tanggung jawab. Aku kudu bisa. Iki tanggung jawabku dadi wong tuwane. Aku ora entuk pupusatiku. Iki purwakaning dalan uripku. Uripku kang anyarku.

Febrina Widihapsari, siswa SMA SANTA MARIA, Jalan lredano.19.A.,Yogyakarta.

Telepon (0274) 565898.

Lair, 9 Februari 1991. Alamat omah, Asrama Santa Maria, Jalan Ireda no.19.A.,Yogyakarta.

Telepon (0274) 411385.

Hobi: nulis crita lan puisi, nonton filem.