Kaca:Kidung Megatruh.pdf/44

Kaca iki durung katitiwaca

TRESNAKU NENG ENDI

Juethyaniwita 5

Rong taun luwih anggonku pacaran karo Tommy. Sedurunge pacaran karo Tommy, aku wis tau nduweni kanca sing daktersnani jenenge Dika. Dheweke grapyak lan bisa gawe swasanane dadi ora kaku. Dika pancen luwes pawongane. Dheweke bisa ngemong aku. Dika wonge ora tau milih-milih kanca, sapa wae isa cendhak karo dheweke, Salah sijine Mbak Andra kakak kelase.


Disandhingake karo Mbak Andra, aku pancen ora ana apa-apane mula Dika luwih milih dheweke. Nanging apa salah menawa aku uga bribik-bribik nyedhaki Dika. Kabeh manungsa mesti kepengin ditresnani lan nresnani, Kuwi sing dakrasakake saiki, Saben ketemu Dika, aku mung cukuparuh-aruhan waeamarga mesti krasa isin.

Saben aku weruh Dika, dheweke mesthi bareng karo Mbak Andra. Rasane atiku kaya rinujit-rujit. Anggep wae aku bocah kang lugu kang durung ana pengalaman pacaran. Nek mung "cinta monyet” wis karep. Paling-paling gandhengan wae isin. Apa meneh wani ngambung. Kaya Dika, dheweke pancen wis akeh pengalaman anggone pacaran, dadi piye tumindak lan polahe dadi ora gumun maneh, Nyambung pedhot kuwi wis masalah biyasa.

Budhal sekolah dina Setu Mbak Andra nunggoni Dika ana ing ngarep regol sekolah. Janjinedhewekearep mulih baren g-bareng. Saben bali sekolah aku bareng kancaku. Dakdhelok dheweke tansah cedhak banget karo Mbak Andra. Aku sajak meri. Dina Setu anggone akeh wong sing metu dolan utawa pacaran, aku malah ngundher ning omah. Rasane pancen sepi menawa nasibe durung ana sing “ngapeli” alias ora duwe pacar. Anggone ning omah paling mung nonton TV utawa teturon wae,

"Ealah dina Setu kok rasane mesti sepi ngene, marai mboseni," rerasanku."Ta, kowe lagi ngapa. Mrenea, Nok.""Eh, nggih Bu badhe ngersaken menapa kok nimbali kula?""Ibu mung arep ngejak kowe melu ning dhaleme Simbah!""Wonten keperluan menapa ta, Bu?” "Tilik Simbahmu wae, wis rong dina Ibu ora niliki Simbahmu.""Yen mekaten kula adusrumiyin nggih, Bu." "Nangging nek adusaja kesuwen ya, Nok. Mengko gentenan Ibu.""Lho, Ibu dereng siram, Ta?""Wis, nanging mau sawise