Kaca:Kidung Megatruh.pdf/45

Kaca iki durung katitiwaca

rampungan masak dadi reged meneh.” "Yes, wusanane dina Setu aku isa dolan ora ketang ning daleme Simbah."

"Kowengomongapa, Ta?"

"Mboten menapa-menapa, Bu. Namung remen mawon saged tenggeneSimbah."

"Yowis, kana gekadus!"

Bubar adus aku lan Ibu tumuju daleme Simbah. Neng kana nganti jam wolu bengi. Atiku wis ora pati gela menawa dina Setu iso lunga. Minggu esuk aku tangi jam 6 banjur mlaku-mlaku ana ing lapangan Minggiran karo Nana, kancaku SD biyen. Minggu sore, rampungan adus aku gage njadwal kanggo pelajaran dina Senin. Saben bengi aku tansah ndonga. Panjalukanku mung tumuju kanggo keluwarga lan Dika supaya dhewaekeiso tresna karoaku apa anane.

Senin esuk, aku mangkat sekolah bareng kancaku. Aku langsung mlebu kelas. Atiku deg-degan amerga ngerti-ngerti Dika ngejak ngomong.

"Ta, piye gelem ora?" ujare Dika karo mesem. "Kowe ngapa, Ta. Kae lho goleki Mbak Andra!" Aku ngerti sing saktenane, dheweke mung arep nggodha utawa guyon wae karo aku.

"Dik, mrenea sedilit!" undangane Mbak Andra"Apa, Yang," sahure Dika kanthi mesra. Krungu dheweke wangsulan kaya ngono, aku banjur nglungani. "Sapa to, Dik. kok koe sajak cedak?" pitakone Mbak Andra rada cubriya.

"Oo...kae kanca sekelasku, ngapa?"

"Yo takon wae!" Aku isih krungu omongane wopng loro kuwi sanajan raada lamat-lamat.

Wektu tansah lumaku cepet bangetanggonku wis dadi murid kelas loro SMP. Nangging sing dadi masalah ora bisa nglumpuk meneh karo kancaku amarga kelase wis beda-beda. Beda maneh lelakone Dika. Dheweke pedhot karo Mbak Andra lan sesambungan karo Mbak Kinanti. Pancen bocah kae nduweni pacar siji ketoke ora cukup. Sithik-sithik ganti. Ora malah seneng dheweke putus karo Mbak Andra, nangging kok tambah kuciwa atiku. Pangarep-arepku Dika saya cedhak marang aku, nanging malah kecanthol karo wong wadon liya.